Yuli Trianto

Penulis "Intuisi Cerita Pagi dan Bening Bola Mata Raisha," belajar menuangkan imajinya dalam bentuk tulisan. Walau tak cukup bekal teori menulis ia selalu saja ...

Selengkapnya
Navigasi Web
MBEDUGRUG SEGUNUNG
smp3sgs.wordpress.com

MBEDUGRUG SEGUNUNG

Rika aja padha kaget ya! Esuk kiye guru-guru neng sekolahane nyong padha adus luh. Nangis nggerung mergane padha ora bisa nahan trenyuhe ati. Mbuh sapa sing nggagas acara dadakan. Saben guru sing nembe rawuh diadang neng gapura deneng bocah-bocah. Baris nurut teka nyalami karo ngucap “Selamat Hari Guru, terima kasih Pak Guru. Kami berdoa semoga Bapak selalu diberi kesehatan, jangan lelah bimbing kami.”

Kayane wis dirembug sedurunge. Jajalen mbok nyong kaget campur nglegeg nemoni kahanan kuwe. Ucape kabeh bocah padha baen. Tangane nyong dielus-elus lan diambung. Sumpah… gawe nggregel banget atine nyong. Siji sing teka merek salaman lan ngucap nyong taksih bisa nahan rasa. Nanging seteruse, loro, telu lan sapiturute nyong wis keli lan klelep kahanan. Ujug-ujug atine nyong mbendugrug, mripate nggremeng. Jebule ora krasa klebes adus luh. Mbuh keprimen nyong bener-bener kegawa kahanan. Esuk-esuk olih donga tulus sekang atine bocah-bocah sing taksih polos. Muga-muga Gusti Allah nyembadani dongane bocah-bocah. Duh Gusti, matur suwun nyong diparingi nemoni kahanan sing kaya kiye. Angel lan ora bisa digawe-gawe. Bocah-bocah padha tulus, ngregani guru. Nyong guru, mulane bungah banget ngrasakna sing kaya kue. Jebulane gawe senenge guru kuwe ora kudu ngirim sega sewakul. Ora perlu ngirim ingkung jago sekapruk. Mung ngucap matur nuwun bae atine guru wis mbedugrug segunung. Matur suwun bocah-bocah, nyong melu ndonga muga-muga koe padha slamet lan mulya uripmu. Welinge nyong aja padha kelalen maring guru ya..!!

Yuli Trianto

Karangjambu, 25 November 2017

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

neng sekolahanku ora ana pak. mboh bocahe pancen padha ra ngerti, apa gurune ya padha lali. ning ora ngopo, sing penting aku tetep iso kirim donga marang Gusti, nyuwun kabeh guruku diparingi sehat lan BAHAGIA donya akhirate.

25 Nov
Balas

Aamiin, nyong bae anu ora ngerti mbuh sapa sing duwe panemu. Kuwe acara ndadak sontak. Muga" nyong karo rika padha sehat bisa ngrampungi gawe. Minteraken bocah njut sukses kapingarepe.

25 Nov

Maer...maer...maer ... maaf baru bisa komentar, wong nembe baca koh ...makasih Pak Yuli, buat saya senyum-senyum sendiri (soale nggak ada teman, lagi pada ana acara)

28 Nov
Balas

Hehe biyung.. kasihan ditinggal sendirian. Cukup senyum saja dilarang ketawa.

28 Nov

Nyong tah mau nangis dadi anggota paduan suara iyaa lagu terima kasihku guruku..

25 Nov
Balas

Hehe, nangis karo nembang. Kembang yuyu, wis nangis ngguyu.

25 Nov

Kiye gurune sukses temenan. Selamat Pak.

25 Nov
Balas

Matur suwun pak pras.

25 Nov

Nyong melu ndonga moga2 Pak Yuli terus bisa nulis sing apik2 lan lucu, uga manfaat, terutama nggo inyong

25 Nov
Balas

Aamiin ibu, matur suwun sgt. Dunga kesepuhan langkung maceb InsyaAllah kabul.

25 Nov

Maaf sy ga bisa nangis, karena menikmati bahasa yang unik dan lucu, walau bukan orang banyumas asli tapi tahu kok artinya...bagus banget Pak.

25 Nov
Balas

Ibu Puspa jgn nangis, gak perlu repot" cari tisue, jangan dipikir terus. Hehe..

25 Nov

Jannn.... Inyong ya melu nggregel....

25 Nov
Balas

Bocah sing saben dinane gawe mangkel, mau ya padha kegugah atine, melu ngucap "selamat" lan njaluk ngapura. Kuwe sing maraih ora bisa nahan luh tumetes.

25 Nov

maca melu mrebes mili luh pah....

25 Nov
Balas

Genah kaya kuwe koh, mulane mau ora bisa mbendung rasa

25 Nov



search

New Post