Yuliati SMAN 1 KARAS, Magetan

Guru Biologi di SMAN 1 Karas Magetan Jawa Timur. Penulis Buku Biru Ungunya Pramuka Indonesia. Terus belajar untuk mengekspresikan jiwa. Memajukan pendidikan dem...

Selengkapnya
Navigasi Web
JAGADE PETENG

JAGADE PETENG

 

Geguritan:

JAGADE PETENG

(Tantangan Menulis Hari ke-3)

Iki dina Minggu. Sabtu wingi aku ora nulis basa Jawa. Sejatine ya kelingan yen dina Sabtu lan Minggu para Gurusianer dikeparengake nulis ngagem basa dhaerahe dhewe-dhewe. Amarga aku kepingin nguri-nguri basa dhaerahku, yaiku basa Jawa, aku manfaatake dina Minggu iki kanggo nulis basa Jawa. Ing kalodhangan iki aku nulis geguritan:

 

JAGADE PETENG

Dening: Yulia Lia

 

Sengkala tumeka ing bumi

Klipang-klipeng, ingak inguk ing sak kiwa tengene pasrawungan

Golek lena, arep ngruda peksa raga-raga garing

Raga-raga kang ora waspada,

Raga-raga kang ora siyaga.

Sapa?

Sapa kang wus wani ngaling-ngalingi cahyane bagaskara?

Nganti jagade dadi peteng?

Tekane mung tansah gawe gendra, ngrusak katentreman.

Sepi …

Nyenyet…

Jangkrik jangkrik ora ngerik

Walang-walang angkup ora nywara

Perkutut ora manggung,

Pugeru ora keprungu.

Sengkala tumeka ing bumi

Ingak inguk leledhang golek lena.

Mula sing waspada.

Gusti,

Kawula namung titah sawantah

Nyuwun pangapura,

Nyuwun keslametan saking gendra lan sengkala

 

Magetan, 15 Maret 2020

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Jangkrik genggong. Wani ngerik sepi uwong. Wah, angel iki nulis basa Jawa alus. Hehe

30 Mar
Balas

Dalem nembe sinau nulis basa Daerah Jawi, Pak Ihsan.. Ndherek nguri-uriKersanipun tetep lestari

06 May

Luar biasa ibu, abdi parantos kami teu nulis bahasa daerah. Haturnurun parantos nginet keun ka abdi.

17 Mar
Balas

Pak Mulya, haturnuwun. Saya tidak paham bahasa Bapak.. Hehe..

17 Mar

Mugi Gusti paring sih kawelasan datheng kita sami. Pinaringan sehat, slamet tebih ing sambikala. Amin.

15 Mar
Balas

Aamiin, nuwun sanget Bu Reni. Mugi Panjengan sekeluarga ugi tansah pinaringan sehat, tinebina saking bebaya.. aamiin..

15 Mar

Puisinya unik dan keren. Meskipun daya bsblas kurang paham artinya. cuma sepotong-potong.

05 Apr
Balas



search

New Post