Yuliarti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

AJA NYEDHAK KEBO NEDHAK

AJA NYEDAK KEBO NEDHAK.

Ibuku wis pangsiun guru. kanggo kesibukan ibuku sering neng kebon. Mbedhuli suket,nandur wit ganyong,wit angkrik,wit boled,wit gedhang lan liya-liyane. Bar nyambut gawe biasane slonjor,rasane ngonggor. Beyekane bengkek, dengkule lara nanging ora kapok.

Angger urung kebangeten rasane,ibuku ora mandeg anggone nyambut gawe. Ora ketang mlayune maring dokter. Saran dokter kon aja macul. Jane ora diobati be mari. Nanging pancen gamam angger ora maring kebon. Senajan wis prentah wong,ibuku tetep melu nandangi.

Ora baen-baen kasile tanduran ibuku wohe nyenengaken gedhange

gedhe'gedhe. Angkrik, ganyong akeh, dibagi tangga teparo.Ibuku krasa bungah bisa mbagi-mbagi kasil tandurane.

Pager kebone nganggo rajeg wit katu lan wit bolet. Kabeh ana mupangate kena nggo tegehan karo kanggo kluban. Godhong bolede katon ijo mledung-mledung. Angger disawang gawe bombong atine.

Sewijining dina ibuku gela ora karuan. Tanduran bolede godhonge ludhes ora karuan. Neng kono ana kebo lagi mangani kodhong boled. Ibuku njukut watu terus mathak kebon. Kebo mau terus pada bigar. Sing duwe kebo metu karo mecucu ngomeih ibuku. Ora rila kebone dipathak. Ibuku semaur karo esih nggawa kayu,niate agep nggo mbrengkolang. "Kuwe goli angon kebo sing bener,nedhak karangane tanggane dijorna bae".

Sarkum ora gelem kalah karo malang kerik,"Nganah kebone domeih, Nedhak-nedhak dewek malah ngomeih aku".

Oalaaahhh...ngomong karo wong kenthir..ya enek dewek.😇😇😇

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Nek diomongi kayane kebone ngerti lho. Kebo jaman now pinter-pinter.

27 Jan
Balas

Oalah kebo....kebo... donge kon sekolah disit, dadi diwulang nek ora kena nerak kebonne tanggane

28 Jan
Balas

hix..hix...berarti ana sekolah kebo? pengawase sapa?

28 Jan

Sarkum pinteran nggih Buu...he he. Sae Buu...lucu dan melasi...

29 Jan
Balas

Aku seneng sing lucu2 bu. jd berkesan. mmg itu terjadi. hee..hee...tukang pangon kemplu.

29 Jan

Kebo mboten nusu gudel, meniko bu hihihi

27 Jan
Balas

Critane lugu lucu menggemaskan ,assyik untuk di baca ,,lanjut buuuu

30 Jan
Balas

gudele nedhak bareng bu. ddi ora susu2an.hee..hee...

27 Jan
Balas

Sing angon sampun pasrah pak Budi. sb diomongi ndableg boten nggugu.hee..

27 Jan
Balas

kebone cekel mawon niku, hrhe

27 Jan
Balas

Terus disembeleng nggo pesta grup sagu sabu

27 Jan

kebone cekel mawon niku, hrhe

27 Jan
Balas

Kebone ditembak mawon Bu Yuli, supados mboten mangani tanduran

27 Jan
Balas

hee..hee...nini2 direwangi nandur mlh ora panen. agep dibledig mlh bigar.

27 Jan



search

New Post