WONG JOWO RA PATI JOWO
Dino minggu wayahe males-malessan wingi bengi sakdurunge turu wes niat tangi awan enak-enakno turu mumpung prei ora shalat pisan. Jebule tetep tangi subuh, biasane langsung jujug pawon masak saiki enak-enakan HPan. Biasa seng dibuka yo tik tok, IG, FB, WA ngono terus ga kroso jam 6 isuk. Arepku ora masak kepengen andok jebule budal nang bakul blonjo terus masak😆.
Ngebut masak mumpung pelangi durung tangi, niat mari masak deleng oppa-oppa jebul kait nyekel HP pelangi tangi. Gagal deleng oppa langsung umbah-umbah, kebeneran pelangi tangi seng digoleki eyang e dadi langsung digowo moleh menyang omahe eyang e😅.
Pikirku ah,,,, aku iso deleng oppa,,pas iseng-iseng moco WA grup dadak ketua suhu ngekeki tugas "nulis cerito gawe boso jowo"
Emmm,,,, yoopo yo bingung nulise, aku wong jowo asli bapak ibukku jowo lahir ng Mojokerto Jawa Timur, tapi perkoro boso jowo kanggoku iku pelajaran seng paling uangel nang sekolahan. Bayangano ae ket sekolah SD sampek saiki perkoro ha na ca ra ka aku kadang bingung delok buku, mboh piye kok angel men nyaute.
Ojok dadak nulis, ngomong jowo ae amburadul opo mane ngomong jowo alus,,, iso ku ngomong jowo yo kasar amburadul koyok ngene kuwi 😆 mergo nang keluargaku luweh gelek ngomong "no, tidak, any, jincha anyo" Ketimbang enggeh, mboten.
Berhubung oleh tugas nulis jowo, aku dadi nekat. Boso Jawa wes kegerus karo jaman seng makin modern jaman millenial jaman serba canggih. Bocah-bocah jaman saiki meh kelangan jowo ne amarga ning omah luweh sering nganggo basa Indonesia, kepiye carane bocah-bocah ben podo seneng pelajaran basa Jawa? Ojok nembang, ngomong Jawa ae podo amburadul. Soale basa Jawa wes dadi momok kedua samarine pelajaran Matematika.
Wes yo cukup sak mene wae sek critoku dino minggu iki, sepurane nek sampean mari moco tulisanku tambah mumet sirahe, mergo aku dewe seng nulis kok melu mumet mocoe. 😅
Mojokerto, 13-03-22
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Hahahha tapi asli seru lo buk na nulis crito jowo iku, ndang to nuliso sing akehhh
Salam literasi
Sing nulis wae mumet, OPO maneh sing Moco? Hahahaha. Salam sukses selalu buat Ibu Yuniar Prati Risna
Aq maca e yo ngguya ngguyu ngunu kui... yo wes g adoh bedane karo aku, nuu.. sukses terus yooo.. mmmuach...
Seng penting nulis
Aku mesem- mesem dewe koyok ngerungok ake warta ing JTV..wes apik...