Tri Sundari

Lahir 48 tahun yang lalu. Mengajar mapel Penjasorkes di SMPN 1 Kauman, Kabupaten Tulungagung, Jawa Timur. Mempunyai hobi menulis sejak kecil karena kesulitan b...

Selengkapnya
Navigasi Web

8 1 3 5 6

Hari Ke #11

#TantanganGurusiana

Horn-ne telpun tak cantholne maneh. Sreggg! Karo rada gemes aku lungguh ana kursi ruang kerjane bapak. Aneh. Mosok ta aku salah terus muter angka-angka ana telpun kuwi? Nganti bola-bali? Tak demeki bathukku sing rada panas. Yen salah pisan-pindho isih kena dinalar. Bareng iki…? Wis seminggu luwih angger telpun mesthi salah sambung. Apa perusahaan telkom ora ngerti yen ana kabele sing gandheng? Mokal!

Tak puter maneh nomer telpune Retno. Wolu-siji-telu-lima-enem. Aku ambegan landhung. Mesthi ora salah. Anggonku muter wis tak jlimet. Edan! Mung perkara telpun wae marahi mumet!

Hallo…”

Aku ngragap nalika krungu swara lanang ana telpun.

Hallo.. Pak Kosnadi, nggih? Kula, Mia,” kandhaku langsung. Mesthi bapake Retno.

“Pak Kosnadi sapa?”

Aku kaget. Kleru maneh? Ah, ora mungkin. Aku ora kleru muter nomer telpunne Retno. Ning…

“Menika Pak Kosnadi? Bapakipun Retno?” Aku rasane meh nggeblag semaput nalika krungu guyune wong sing tak kira bapake Retno.

“Salah sambung, Dhik…” Kontan horn tak banting. Edan!

Aku bali lungguh karo setengah ngebrukne awak ana kursi. Bah-bah rusak. Apa Retno ngapusi nalika ngomong yen nomere telpun ora ganti? Ah, mosok yen ganti. Ora mungkin Retno ngapusi. Nggo apa? Ning…, mosok aku sing wis ora normal…

Lagi mau awan olehku takon Retno ngenani telpune. Lan karo prengas-prenges bocahe ngomong yen ora ganti nomer telpun-ne. Dhuh… , apa pancen aku sing wis edan?!

Akhire aku ya sida metu saka ngomah. Rancangan nelpun Retno rak mung pengin takon Ko saka bu Sofie. Karepku ben ra metu saka ngomah, wong panas-panas. Tibake malah ngelu, isih kudu metu panas-panasan. Yungalahhh, awak yen digawe apes…

Motor tak jagang, grag! Langsung aku mlayu ana plataran omahe Retno. Topi tak kebut-kebutne. Nalika tanganku arep ngebel ndadak ana swara sing ngagetne.

“Nggoleki sapa?” pitakone arek lanang sing ana ngarepku iku. Aku meneng nyawang dheweke. Ora sengaja aku ngucek-ucek mripat. Mungkin trauma merga pengalaman bab telpun. Apa aku ora salah deleng? Apa iki dudu omahe Retno? Ah, mungkin arek lanang iki tanggane.

“Madosi Retno, Mas,” jawabku rada ayem. Ning kuwi dadi ilang kabeh nalika aku ndeleng dheweke nyureng.

“Retno sapa?”

Kontan aku lemes. Karo rada wel-welan aku lungguh ana teras. Apa pancen Retno wis pindhah? Ning kapan? Lan nyangapa ora ngomong? Dhuh, Ret, Ret, apa ta salahku?

“Retno sapa, Dhik?” pitakone arek lanang kuwi maneh. Ning males rasane nyauri.

“Napa sing kagungan griya mriki pindhah?” pitakonku ora mikir rena-rena. Mungkin wae Retno pindhah tanpa kabar-kabar. Mungkin Retno pengin gawe surprise, ben aku kekel-kekel yen ketemu dheweke, merga kecelik. Ora lucu! Ora lucu yen carane kaya ngene. Ooo… ora sadhar aku manthuk-manthuk. Mungkin arek lanang iki sing nampa telpunku. Kurang ajar! Ah, ning dudu salahe, wong aku ora nate nyebut nomer telpun sing tak hubungi. Edan!

“Pindhah?” pitakone kaya wong bingung. Apamaneh aku sing wis kodheng komet. “Pindhah menyang endi?”

Semprul! Ya apa aku weruh. Weruha aku ora arep mrene. Atiku rasane mbedhosol sak gunung Batur. Apa arek iki sableng? Sakjane sapa ta iki? Aja-aja wong edan ucul saka Lawang…

“Niki riyin rak griyane Retno ta? Daleme Pak Kosnadi?” pitakonku karo ngempet rasa anyel. Arek lanang iki kok malih prengas-prenges.. ana apa? Rasane aku kudu mlayu lan mbandhangake motorku, mulih. Ning… ning iki rak omahe Retno ta? Apa arek lanang iki pancen tanggane, apa sapa ya dheweke?

“Riyin? Piye to Dhik, riyin piye?” Rasane aku kaya nguloni paku. Aneh ta? Ditakoni Retno ora kenal, ditakoni pak Kosnadi plonga-plongo. Lha saiki… ditakoni pindhah dlongap-dlongop kaya wong ra ganep. Piye ta iki? Tanpa ika-iki aku langsung mbalik marani motorku. Edan! Sakjane sapa ta sing ora waras, aku apa arek lanang kuwi? Dhuu…h, rasane sirahku kaya pecah. Sakjane Retno ki gawe sandhiwara apa ta…

“Dhik, lho Dhik. Jarene pengin ketemu Retno…”

Aku ora maelu arek lanang sing bengok-bengok kuwi. Bocah edan! Sempel! Edhiot! Batinku misuh-misuh. Retnone mbahmu! Ora kenal ndadak gaya. Ning…

“Mi, Mimi! Arep nyang endi?” Aku noleh setengah kaget. Retno! Dheweke ngadeg ana tengah lawang. Mripatku tak uceg-uceg mbokmenawa aku salah deleng maneh. Ora! Dheweke Retno! Kontan aku njagang motorku maneh, lan langsung mlayu marani Retno. Tak gapyuk dheweke kaya wis ora ketemu pirang-pirang abad. Mbuh nyangapa aku nangis mingseg-mingseg ana rangkulane Retno.

“Lho, Mi, ana apa?” pitakone Retno karo ngajak aku lungguh ana kursi teras omahe. Aku mung meneng, bikut ngusapi eluh.

“Mas, kok kapakne Mia?” pitakone Retno karo nyawang arek lanang sing ngetut playuku marani Retno. Semprul! Retno ngundang mas? Apane? Dadi dheweke dudu wong edan sing ucul saka rumah sakit jiwa?

“Sepurane Mi, mas Arya pancen seneng nggodha. Ning awakmu rak ora nganti dicathek ta? Muga-muga ora, merga dheweke rabies,” kandhane Retno karo ngguyu kekel. Sing diundang mas Arya mung nggleges karo lungguh ana ngarepku. Neng ati ngucap syukur dene Retno mencungul, lan mas Arya-ne dudu pelarian saka Lawang.

“Sepurane, Dhik Mia. Ora ngira Dhik Mia cugetan,” kandhane mas Arya rada serius. “Liya wektu wae kenalane, yen wis mari olehe nangis.”

Mungkin yen ngilo aku mesthi weruh praupanku sing kaya kepithing godhog. Bubar ngomong ngono sing jenenge mas Arya ngalih. Retno nggleges. Ora maelu karo aku sing lagi kelaran ati.

“Yok mlebu, Mi,” kandhane karo narik tanganku.

“Moh!” jawabku rada santak. Bah-bah mripate Retno mlolo nganti kaya mata urang. Ben dheweke ngerti yen aku ora seneng digawe dolanan.

“Ana apa Mi…?”

“Ana apa?!” pitakonku setengah mbengok. “Kowe wis ora krasa yen tas wae gawe lara atiku? Ngerti yen mentas wae aku digawe dolanan kaya wong edan? Kaya wong sing ora ngerti ukara? Ret, Ret. Kowe kebangeten! Kebangeten! Dolanan ya dolanan, gojeg ya gojeg. Ning yen carane kaya ngene….”

Semprul! Ngerti reaksine Retno? Dheweke mesam-mesem kaya sales girl sing nawakne dagangane. Edan! Retno sableng!

“Sabar, Mi…,” kandhane Retno karo nyekel pundhakku.

“Sabar… Sabar apane yen carane kaya ngene? Ngerti Ret ngenani telpun? Ngerti yen aku nganti kaya wong stress?”

“Telpun wae digawe judheg,” kandhane Retno ayem, ning gawe anyelku saya tumpuk-undhung.

“Ra digawe judheg piye? Bayangne Ret, semninggu nelpun aku salah sambung terus. Padhahal aku wis njlimet olehku muter nomere. Apa nomermu pancen ganti, lan kowe ora gelem blaka? Nggo apa Ret? Nggodha? Kebangeten!!”

“Wis mari olehmu muring-muring?”

Aku mendelik krungu pitakone Retno. Kurang ajar arek sitok iki.

“Durung! Kowe ngerti lageyane mas-mu sing kurang pendhidhikan kuwi? Apa pancen wis kok atur ngono? Ben aku ndang gendheng dadakan. Awakmu ngerti yen aku mau meh bunuh diri merga rumangsa edan?”

Retno ngguyu. Aku dhewe uga ngempet guyu sing tak singidne.

“Aku ora percaya yen kowe arep bunuh diri Mi.”

“Nyangapa?”

“Mateni pitik wae ra wani. Kok pitik, mateni coro wae wedi yen kena hukum karma, apamaneh bunuh diri. Mokal,” kandhane Retno karo ninggal aku embuh menyang endi.

Rasa buneg ilang. Aku ambegan landhung. Mung masalah sepele ning nyatane wis nguras energi akeh banget. Aku njenggirat, langsung mlebu omahe Retno nalika eling tujuanku mrene. Sing tak jujug kamare Retno. Aku mung ndlongop weruh Retno sing lumah-lumah ana kasur. Bajigur!

“Ret, karepmu piye ta?” pitakonku karo mendelik. Sikilku sing mau kesusu njangkah, mandheg ana gawangan lawang.

“Jaremu emoh mlebu omahku? Kowe wis lali karo adate yen dolan mrene. Biasane piye?’

Semprul! Aku mlayu nubrug Retno. Tak jaguri rambute nganti awut-awutan. Pancen antarane aku karo Retno wis kaya sedulur. Padha anak tunggal. Rumangsa ora duwe sedulur.

“Eh, iya. Aku takon Ko-ne bu Sofie,” kandhaku nalika eling anggonku mara ana omahe Retno.

“Liyane?”

“Apa?”

“Lha apa?” pitakone Retno karo ngguyu nggodha. “Mas Arya?”

Aku nggleges. Ngerti sing dikarepne.

“Promosi? Ra usah. Wong jebolan Lawang wae kok. Rugi!”

“Ngawur! Sapa ngomong? Mas Arya ki putrane Budhe. Jok ngawur kowe Mi,” kandhane Retno karo mencereng. Aku ngguyu.

“Lho, rak tenan. Tanpa aku takon, informasi mesthi oleh.” Retno nggablok gegerku. Mungkin dheweke wis dhong sing tak karepne.

Jam setengah lima aku lagi bali. Gojeg karo Retno pancen marahi lali wektu.

“Gak kirim salam kanggo mas Arya?” Aku mung gedheg.

“Trim’s, Ret.”

Malem Minggu udan grimis. Pancen ya ora enak kanggone arek enom-enom ngene iki. Acara sing wis disusun rapi dadi ra karuan. Mung merga udan.

Omah rasane sepi. Radio mungkin bakal lecek kabeh yen bapak ora maju. Lha piye? Gelombang siji durung ganep sadetik wis ngalih gelombang liyane. Ndeleng tivi waleh. Kawit sore acarane mung siaran pedesaan. Padhahal wong ndesa. Oraa saben dina ndeleng tivi wis ngerti kahanane desa. Katone egois, ning lha kudu piye? Putusan terakhir tak puter nomer telpune Retno. Mungkin jagongan karo Retno ana telpun wayah udan ngene iki luwih enak.

Hallo… Delapan satu tiga lima enam?”

Benar. Mau ketemu siapa?”

Atiku trataban krungu swara lanang ana horn telpun. Angen-angenku mlayu nyang kedadean sesasi kepungkur. Apa bener iki mas Aryane Retno? Jare wis bali ana Bandung?

Hallo…,” swara saka sabrang ngagetne anggonku nglamun.

“Eh, anu… Retno wonten?”

Bajigur! Nyangapa basaku malih kaya wong utun?

“Retno?” Swarane pedhot. Atiku ketir-ketir. Ning aku wis siap nek pasien rumah sakit jiwa Malang iki arep nggodha. “Miwong ya?”

Aku njondhil krungu dheweke ngundang jenengku Miwong. Apa karepe?

“Retno ora ana. Ning jagongan karo aku rak gelem ta? Udan-udan acarane karo Gun mesthi ora sida. Iya ta?”

“Matur suwun!”

Horn tak banting ngeget. Ediaa…an!! Nyangapa dheweke maneh? Rasane aku kudu nangis nggugluk. Ning apa alesane yen didangu ibu?

Nalika mulih saka omahe Retno atiku wis ora isa tak tata maneh. Mbaka nalika ana ngarepe Retno aku isih isa nyandhiwara, nyatane bareng tekan omah langsung mlebu kamar. Clekgg! Lawang tak kunci saka njero. Nangis ungkeb-ungkeb bantal. Masalahe sepele. Aku anyel. Atiku pegel. Muntab. Rumangsa diremehne sing jenenge mas Arya. Apa pancen dheweke ngira Mia-Wong iki bocah edan sing kudu dadi guyon? Selawase urip aku durung nate digawe dolanan uwong kaya ngono.

Let seminggu Retno mencak-mencak nalika aku ngomong blak-blakan yen mas Arya-ne tak paribasakne wong ucul saka Lawang. Jarene mas Arya pancen seneng gojeg. Seneng nggodha. Lan sing paling gawe atiku mrongkol, turu ora isa jenak, mas Arya rumangsa dosa. Alesane nggodha merga seneng. Apa ora edan?? Lan apa ora ana dalan liya? Akhire mulih sekolah aku nangis maneh. Luwih seru timbang sing wingi-wingi. Lha piye? Nyatane aku ora isa ngapusi awakku dhewe. Ah…

“Mia… Mia, wis turu?”

Pasuryane ibu sing tak wreuhi nalika aku mbukak lawang. Untung ora sida nangis. Yen nganti ibu pirsa aku nangis rak kojur…

“Digoleki,” ngendikane ibu kalem.

“Sinten? Gun?” Wah, kok ngoyo ta Gun iki. Udan-udan kok dolan.

“Dudu . Jarene kancamu. Nanging ibu durung nate weruh ki Mi.”

Aku njangkah karo njengkrutake alis. Sapa wengi-wengi kathik udan pisan kluyuran?

Hai…”

Aku njondhil. Sakkal sikilku mandheg njangkah. Ana apa setan sitok iki mara mrene? Arep ngajak padu?

“Kaget?” Aku mung gedheg.

“Wonten napa, Mas?”

Mas Arya katon legeg. Mandeng aku suwe. Aku ya emoh kalah. Mripate sing tajem tak pandeng wani. Nyang apa wedi? Aku rak ora salah.

“Isih nesu? Jare Retno nesumu ora bakal entek pitung turunan. Iya?”

Ana ati aku ngguyu. Ning gengsi yen nganti mas Arya weruh. Nggumunne yen mahasiswa ITB tingkat akhir ora isa mikir kanthi kanyatan.

“Tenan Mi?”

“Tergantung.”

“Tergantung apane?”

Aku gedheg-gedheg. Aku dhewe ora ngerti, tergantung marang apa. Tak sawang mas Arya ora kedhep mandeng aku. Ning aku wong tegar kok. Ndableg. Kulina sakepenake dhewe. Apamaneh sawise kekancan karo Retno, ponakane, byuhh…, tambah ndadra.

“Piye Mi-Wong?”

Ana geter neng atiku nalika mas Arya nyebyut jenengku. Semprul!

“Napane? Rak sampeyan sing miwiti? Pokoke tergantung keadhaan. Yen wayahe akur ya akur. Yen mboten pengin , nggih satru.”

“Kejem.”

“Luwih kejem endi karo guyonan sampeyan. Umpama karo setengah sadhar aku ngebut karo motorku, apa ora cilaka?”

“Ning kuwi rak wis suwe. Sesasi kepungkur. Awakmu ya slamet. Mi, aku rak wis njaluk ngapuro ta? Nyangapa ora gelem caturan karo aku?”

“Iki rak uwis ta? Caturan sing piye maneh?”

Mas Arya kukur-kukur sirahe. Kapokmu! Sadurunge kewiyak sandhiwaraku, kanthi alus dheweke tak tundhung.

“Aku ora pengin ibu gerah jantung dadakan merga aku tawur karo arek lanang. Mula Mas Arya kudu kondur sadurunge aku mencak-mencak. Mas Arya rak luwih dhewasa ta?”

“Trims. Matur nuwun Mi-Wong. Aku ngenteni pangapuramu.”

Aku legeg nalika mas Arya metu saka ngomah. Ana rasa salah sing banget. Ning nyatane rasa egoisku luwih menang. Lan wengi iki aku turu nglipus mbaka acara malem minggu batal karo Gun.

Sesasi, rong sasi, aku isih durung wani muter nomer telpune Retno. Atiku isih durung pengin krungu swarane mas Arya. Pancen jare Retno dheweke lagi bali menyang Bandung. Ning embuh. Atiku isih ketir-ketir yen bakal krungu swarane. Malah pilih dolan menyang omahe Retno tinimbang nelpun.

Retno sing ngerti lageyanku uga kerep anyel. Malah nutuh aku sok, egois, idealis…, mbuh apa maneh. Ning nalika tak kandhani yen aku butuh wektu nata ati, dheweke ngrangkul aku karo prembik-prembik.

“Tenan, Mi. Mas Arya wong apik. Dheweke dudu pelarian saka Lawang. Pancen dheweke seneng nggodha. Apamaneh bocah kaya awake dhewe, sing jare kurang perhatian saka dulur. Carane ngraketne seduluran ya kaya ngana kae. Kowe isa nampa ta Mi? sumpah! Kowe kudu percaya karo aku.”

Ngono? Apa ya ngono karo mas Arya? Aku emoh kakehan pikiran. Kuwi mung impene bocah ra nggenah.

Lagi telung sasi luwih aku wani nelpun Retno. Tatu merga gojeg sing kebangeten wis kasil tak buang.

Delapan satu tiga lima enam?” swaraku metu sawise muter angka-angka ana ngarepku. Aku emoh acaraku mengko bengi buyar merga Retno sing dhanggling.

“Miwong?”

Aku njondhil. Meh wae tak tutup ajaa krungu swarane mas Arya saka sabrang.

“Aja ditutup dhisik! Miwong! Isih ana hubungan ta?”

Aku mangu-mangu karo nyekeli horn telpun. Kapan dheweke bali? Yen hubungan tak putus berarti aku durung mbuang dendam. Nanging piye?

Hallo…,” swarane mas Arya katon geter. Aku ambegan landhung. Aku kudu njupuk keputusan.

Hallo…,” panyautku lirih. Tak rungu mas Arya ambegan landhung.

“Matur nuwun, Dhik.”

Dhuh! Aku rasane pengin nangis ana ngarepe mas Arya. Ning nyangapa? Dheweke mesthine ora bakal percaya yen aku ngomong kangen. Apa hubungane? Sasuwene iki aku karo dheweke rak mungsuh? Ngono tenan…?

“Isih nesu? Kanggo pitung keturunan isih berlaku? Isih pengin ngukum aku sing salah? Ngerti yen saiki aku pengin mlayu mrono, terus ngrangket tanganmu, supaya kowe ora ucul saka ngarepku? Aku kangen, Dhik. Kangen banget. Ora percaya?” Aku krungu swarane mas Arya sing ngguyu, serak. Ana apa iki?

“Aku ngacungne jempol merga ketegaranmu. Aku ora percaya yen Gun isa nambet atimu kaya sing nate kok omongne. Piye? Ngomonga, ben aku ngerti, apa sing ana atimu.”

Gun. Pancen nate aku tawur karo mas Arya nalika ana telpun. Saben ngomong sing dicandhak Gun. Aku muntab. Apane ora? Apa dipikir antarane aku lan Gun ana sesambungan sing jero artine? Akhire tanpa ngira yen bakal rame aku ngomong Gun pacarku.

“Sepurane, Miwong. Aku pancen kasar. Mungkin pas yen aku diarani lulusan rumah sakit jiwa Malang. Matur nuwun karo gelar sing kok wenehne. Mungkin pancen bener ngono. Ning apa ora oleh yen wong edan nresnani kowe, Miwong?”

“Mas…”

“Matur nuwun, Miwong. Kowe pancen apikan.”

“Mas Arya nesu?” saka sabrang krungu guyune sing wiwit renyah.

“Kudune aku sing takon.”

“Sepurane, Mas. Mungkin aku wis nglarani atine Mas Arya.”

“Dhuh! Dosaku tambah akeh yen kowe muni ngono. Aku sing njaluk pangapuramu.”

Aku mesem. Mjungkin ana kana mas Arya uga lagi mesem dhewekan. Aku njenggirat nalika eling yen lagi nelpun. Aja-aja rekening wulan ngarep tikel tekuk. Isa-isa bapak bangkrut.

“Mas Arya, putus hubungan ya? Mesakne Bapak.” Bocah loro ngguyu. “Bye, Mas.”

“Mi-Wong, aku kangen awakmu…”

Edan!!! Ning nyatane aku nangis kalegan ana ngarep horn telpun.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post