ListyaMukti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Iku Titipan

Iku Titipan

Ngger...

Gatekna...rungokna...lan tindakna

Sak benere...

Apa bae kang ana

Abang ijone kahanan kang kok adhepi

Wus tinata cinipta tinulis lan ginaris

Dening Kang Maha Kuwasa

Bagus ayune rupamu

Sugih miskine uripmu

Dhuwur sarta cendheke pangkat drajatmu

Sejatine kabeh mono hamung titipan sak derma

Tan bisa ginawe tumindak sarwa ndhangak

Daksiya miring sak pepadha

Mula nggeer...

Tansah ndhingkluka...eling lan sadhara

Yen Kang Kuwasa sak wewayah kersa

Hanyabut titipan kang wus kaparingna

Sak temene...

Kabeh iku bakal sirna muspra tanpa guna

Kang sinisa hamung getun lan ewuh aya

Hayo cepet sira jumangkaha

Tumindaka andhap saja asor

Kinanthen rasa syukur ikhlas tawakal

Hanrima mring sak kabehing titipan

Kang wus tinampa

ListyaMukti,

13 Januari 2023

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post