Sukadi

Manusia dilahirkan untuk terus belajar. Belajar dengan siapa saja. Dengan menulis kita bisa belajar apa saja....

Selengkapnya
Navigasi Web
Yen Sira Dibeciki Liyan, Tulisen Ing Watu

Yen Sira Dibeciki Liyan, Tulisen Ing Watu

Penulis : Sukadi.

#TantanganMenulis365Eps2

#Gurusiana Hari ke-397

//

Anggonku nulis tantangan 365 ana Gurusiana MediaGuru nggawe basa Jawa saben dina Senen menawa ora kleru kurang luwih wis ana limang sasi. Kok ya ketepakan banget dina Senen iki kalebu tanggal lan wulan kelairanku.Tetep wae nulise ya nggawe basa Jawa. Masio akeh tata tulis sing ora pas, ora bener tur pener muga isa dadi sarana anggonku sinau babagan basa Jawa.

Jare Simbok mbiyen aku lahir wanci surupe srengenge njedule rembulan ing dina Akad Legi, tanggal telu likur warsa sewu sangangatus pitung puluh loro. Menawa kaetung wis seket siji kapungkur anggonku lahir ana ing alam donyo.

Sisa umur utawa wektu kuwi mujudake kalodhangan kanggo nandur kabecikan. Mula kanjeng Nabi paring piwulang dumateng umatipun supaya tansah nggunakake wektune kanthi apik migunani tumprahpe wong liya sumrambahe bebrayan agung. Tetep eling pitutur luhur para sepuh. Yen sira dibeciki ing liyan, tulisen ing watu supaya ora ilang lan tansah kelingan. Yen sira gawe kebecikan marang liyan tulisen ing lemah supaya enggal ilang lan ora kelingan.

Ora ana eleke ing Dina kelahiran iki aku kudu isa mawas diri utawa eling marang diri yaiku sikap ngati-ati marang kabeh ucapan utawa tumindak sing bakal tak tindakake. Introspeksi mujudake sikap cara ngemban diri kanthi ngatur emosi lan tumindak supaya ora njalari perkara negatif ing tembe mburi lan ora ndadekake laraning ati wong liya.

Aku kudu isa njalani sisa umur iki kanthi syukur marang Gusti Allah. Wis diparingi bebungah rahayu wilujeng, karaharjan ing pangajab supaya aku ora gedhe sirah, ora dadi wong sing lali napak ing bumi.

Alhamduliillah, krana sih lumunturing tresna kanca-kanca kepala sekolah, kaucap ana group whatsapp Adem Ayem MKKS arupa doa katuju marang aku. Sengaja tak tulis ana tulisan iki mujudake kebecikan sing kudu dieling-eling lan katulis ing watu. Mengkene anggonku menehi jawaban ana group whatsapp:

Alhamdulillah, matur sanget nuwun dumateng Pak Narso, Pak Pramu, Bu Rofaida, Bu Yanti, Pak Sumadi, Bu Suci, Bu Endro, Pak Suyono, Bu Sriyatun, Bu Suparti, Pak Isnan, Pak Seno, Pak Lantur, Pak Sugeng Hariadi, Bu Ninik Setyani, Pak Jaini, Pak Heri Samuji, Pak Parno, Bu Atik Rahmawati, Pak Harum, Bu Yanti, Bu Nunik, Bu Umiati, Pak Agus Sunadi, Pak Sugeng Nugroho, Pak Ismadi, Bu Endang Rukmini, Pak Sarmun, Bu Susi, Bu Supatmi, Bunda Titik Sudarti, Bu Esti, Pak Subairi, Bu Hayu, Pak Supardi, Pak Suyatno. Doa ingkang sami kagem panjenengan sedaya mugi tansah pinaringan wilujeng rahayu, ginanjar karaharjan pikanthuk berkahing Gusti ingkang Welas Asih. Aamin yaa rabbal aalamin

Semana uga ana group whatsapp sekolah SNESMOR uga padha anggonku jawab ucapan lan doa mau.

Matur sanget nuwun dumateng Bu Nur Hasanah, Bu Sumartini, Bu Nunung, Mbak Hanna, Bu Purwati, Mbak Efi, Mbak Titin, Mbak Devi, Bu Budi Hastuti, Bu Tenno, Mbak Ratih Amalia, Bu Sri Mei, Mbak Ika Arifona, Bu Suprapti, Bu Fitri Ambarwati, Bu Hari Uut, Pak Azis, Mbak Yeni, Bu Wiwin, Pak Sukarwo, Pak Suwignyo, Bu Listya Mukti, Pak Anwar, Pak Setyo Budi, Pak Taufik, Pak Suharyanto, Mbak Amine, Mbak Nitha, Pak Haryono, Mbak Arini, Pak Sugeng, Mbak Eka, Mbak Dyah Ajeng. Doa ingkang sami kagem panjenengan sedaya mugi tansah pinaringan wilujeng rahayu, ginanjar karaharjan pikanthuk lumunturing sih katresnan lan berkahing Gusti ingkang Welas Asih. Aamin yaa rabbal aalamin.

Ora ateges iku pamer, lha wong ulang tahun wae dirayakake kanthi ucapan. Nanging iku wujud kawigaten marang sapadha, ora gampang wong isa nindaake kanthi tulusing ati. Apamaneh seneng-seneng, nyumet kembang api utawa ngundang wong sak desa niup lilin. Kang jelas umur wis sansaya suda.

Banjur aku kelingan welinge Bapak aku kudu gelem rekasa, isa gawe senenge liyan, aja dumeh lan aja duwe ati kang serik marang liyan. Menawa iku isa dilakoni bakal oleh wales kang luwih gedhe ketimbang apa kang wis ditindakake.

//

Magetan, 23 Jan 2023

Salam literasi

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post