Sukadi

Manusia dilahirkan untuk terus belajar. Belajar dengan siapa saja. Dengan menulis kita bisa belajar apa saja....

Selengkapnya
Navigasi Web
Hormat Bendera

Hormat Bendera

Penulis : Sukadi.

#TantanganMenulis365Eps2

#Gurusiana Hari ke-143

//

Ketemu maneh ing dina Senin. Alhamdulillah, dina iki aku ora lali duwe kewajiban marang diri pribadiku menawa dina Senin dina kang khusus nulis gawe basa Jawa. Sebab Senin kepungkur aku pernah lali, eling pas wes setor tulisan neng Gurusiana. Jane ya wes di eling-eling, nanging wong lali iku ora kelingan. Hehe..

Saben dina Senin lan dina-dina Nasional ing sekolahanku ngeneake upacara bendera. Ana telung perengan kang wigati babagan upacara iki. Yaiku petugas upacara, pembina upacara lan peserta upacara.

Petugas upacara nglaksanakake proses upacara bendera wiwit awal sampai akhir. Petugas upacara iki kaperang mulai protokol/pembawa acara, pemimpin upacara, kelompok paduan suara, ajudan, pengibar bendera, lan pembaca UUD 1945.

Pembina upaca yaiku pemimpin sarana mlakune upacara bendera. Mula sing dadi pembina mesti ana amanat pentingt utawa sambutan sing disampakne marang peserta upacara.

Peserta upacara mbentuk barisan, lan duwe kewajiban ngikuti aba-aba pemimpin barisan upacara uga ngrungokne amanat pembina upacara. Ora oleh umeg dewe, dadi ya kudu konsentrasi nganti upacara rampung.

Kabeh murid diwajibne melu kegiatan upacara bendera cocok karo tata tertib ing sekolahan. Ora mung sekedar tertib lan ngadek baris rapi, nanging kudu melu proses upacara kanthi khidmat merga kanggo mbentuk karakter sing apik.

Miturut Permendikbud Nomor 22 taun 2018 pasal 3 ngenani upacara bendera ing sekolah, saorane ana 6 perangan tujuan upacara bendera, yaiku:

1. Nguatake persatuan lan kesatuan bangsa uga negara kesatuan Republik Indonesia.

2. Mbiasakna sikap tertib lan disiplin

3. Ningkatkna kemampuan mimpin

4. Mbiasakna kekompakan lan kerjasama

5. Nukulna rasa tanggung jawab

6. Mempertebal semangat kebangsaan lan dhemen lemah banyu

Poin pentinge upacara bendera isa numbuhkake rasa nasionalisme kanggo murid dadi upaya mbela negara. Mula tiap sekolah saben dina Senin dienekake kegiatan upacara, amrih kabeh warga sekolah mangerteni apa sejatine kegiatan upacara kuwi.

//

Magetan, 23 Mei 2022

Salam literasi

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

waduh kaga ngarti aku, kalimatnya rumit dipahami, salam literasi dari tanah sulawesi

23 May
Balas

Keren ulasannya pak Sukadi, lebih keren lagi kalau ada ada terjemahannya. Semoga sehat selalu

23 May
Balas



search

New Post