KANGEN
GEGURITAN
KANGEN.
By:Siti Nur Hasanah
Swara manuk kang arep nggolek pangan mabur nambahi endahing swasana esuk iki.Najan esuk iki ,krasa beda ora kaya adat sabene.
Esuk iki katon endah edipeni
**
Yen nyawang endahing esuk iki, aku dadi kelingan , lan kangen marang sisihanku.
**
Najan to aku ya wis iklas lillahi ta'ala.
Nanging esuk iki ngelingake aku rikala sakmono.
**
Ana ngarep omah jagong bareng karo anak uga sisihanku.
**
Esuk kang kebak crito , guyu lan jagong kang anget.
**
Duh gusti kang akarya jagad.
Mugi panjenengan kersha paring pangaksama dateng sisihan kawula kang kebak dosa.
**
Nanging kula nyekseni yen sisihan kula tiyang ingkang sae , jujur lan setya ing janji.
**
Mas, aku tansah kelingan marang panjenengan.
Ing njero ati iki kur ana priya loro, yaiku Bapak lan panjenengan.
**
Esuk iki rasa kangenku marang panjenengan kaya disiram banyu udan.
**
Dina ahad iki kantilaning ati ya iku putri lan wayah pada ngumpul mas, kaya biyen rikala panjenengan isih sugeng.
**
Esuk kang sumilir lan asri iku
nggugah rasa kangenku kang tanpa titik.
**
Aku kelingan saben ahad isuk panjenengan ngadang bakul srabi kinca kang anget didahar sinambi ngunjuk jahe anget. Kebiasaan iku isih tetep mas .
**
Nanging isuk iki ya tetep beda sebab ora ana panjenengan ing sisihku

Bener ngendikanmu mas, yen nomer siji iku sehat.
Apa maneh saiki ana wabah kang nggegirisi, yo iku corona covid 19.
**
Mas, panjenengan ora pirsa tahun iki sepi mas, amarga wabah corona kang isih sliweran luru mangsa , sapa kang dadi kurbane.
Muga - muga bae ora nyambangi marang keluarga ne dawe ya mas.Lan muga - muga enggal oncat saka bumine nusantara iki.
Limpung,13/9-2020
T.5
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Aamiin ya robbal'alamin. Semangat ya Bunda cantik. Salam cinta.
Semangat ungtuk membesarkan putra-putri. Luar biasa Bunda. Semangat berliterasi, semoga sukses selalu. Amin.
Terima kasih pak .apresiasinya
Iya bun mencoba dengan geguritan.puisi dengan bahasa jawa.
wow...keren puisinya bunda