Mayuh Ngapak Maning
MAYUH NGAPAK MANING
Oleh: Ruby
Mumpung prei, esuk-esuk gisus nang pedangan karo beres-beres apa bae sing padha keton pating slembrah. Kaya biasane, abrag-abrag sing nang njero lemari tek resiki lan tek tata maning.
Njangan bening karo nyambi nyrebedi lemari sing manggon perek lawang, lha koh jebul angen-angenku malah plesir maring jaman bekana. Kena dibedhe la. Mesthi bae nyong ya klecam-klecem dhewek.
Kemutan jaman semana. Sekolah nang SD sangune dhuwit sepuluh perak. Saben dina nggone mangkat nyeker alias ora nganggo sepatu. Apa maning nganggo tas, alaaah urung jaman.
Senajan adoh tur mlaku terut pinggir dalan gedhe, rasane tetep seneng bae. Wis, pokoke beda adoh banget karo jaman saiki. Angger ngaso biasane nyong njajan gropak utawa lanthing. Panganan asli ndesa sing digawe sekang ketela utawa budin. Rasane gurih tur regane murah. Tambah-tambah ora mbebayani tumrap kesehatan.
Gropake amba-amba, madan kandel tapi renyah. Terus lanthinge ya padha bae renyah. Bakule nggone ndodoli ora nganggo wungkus kaya weton pabrik. Ningen gropak karo lanthinge dikantheti nganggo tali pring.
Mbarang wetara suwe nyong urip nang Kendal, jebul nang kene ya ana gremisan aya kuwe. Ning jenenge beda. Udu gropak tapi opak lan ora ana lanthing merga nang kene jenenge renggenek.
Ora papa lah beda aran. Sing penting nylekamin dipangan. Apa maning angger pas agi grimis riwis-riwis. Pokoke disandhingi teh panas karo setoples isi gropak lan lanthing, njalari betah nang ngumah. Temenan we, klethak-klethuk nggone mamah suwe-suwe entong akeh ora krasa.
Angger ora percaya, njajal bae si. Ningen ngati-ati, ya. Aja keseringen nggone ngemil. Lha, ngapa si? Sing jelas mbokan marai timbangane awak dadi sengsaya mundhak. Njur mengko klambine dadi malih pating mbeseset.
Pancen kaya-kayane sing biasane seneng ngemil kuwe li para sedulur wadon, ya. Njur kepriwe karo sing sedulur lanang? Kena bae melu-melu ngemil. E...sapa ngerti kena nggo nylimuraken kecute lambe sing padha cok doyan nglinthing. Hahaha...guyon ya. Syukur-syukur malah teyeng move on.
Banyolan ngapak pancen ana-ana bae koh sing dinggo jalaran. Jere batir-batir si angger ora ngapak ora kepenak. Mulane ora perlu rikuh nggone ngapak nyandhing gropak karo lanthing. Angger krasa enak toli kena njukut maning. Wkwkwk..salam ngapak.
#ngapakngoko
Senthong Sepi, 27-03-2022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar