Panen Pelem
Lagi dina iki iso sowan Emak. Bubar jagongan sedhela, aku trus ndelok njaba. Latar ngarep omah pancen amba. Akeh tanduran werna werna.
Ora let suwe emak nututi. Ngasta genter dawa tholang-tholang. Alhamdulillah dina iki akeh pelem mateng. Kating grandul werna ijo semu kuning.
Ing ngarep aku karo bapake bocah-bocah ngundhuh pelem. Ana pelem gadung, pelem podang, lan mbuh pelem apa sing ukurane cilik-cilik. Wangune kaya pelem gadung nanging rasane beda.

Mbaka siji pelem diundhuhi. Ana kang mateng, uga ana kang mrampo. Kabeh legi maremake ati. Ora suwe sak tengah kresek pelem wis nglumpuk.
Bubar panen pelem aku njur leren sedhela. Nunggoni emak njahit agemane kang kurang dawa. Ngendikane ageman mau disambung ngisore. Sedhilut njait wis dadi. Njur mbalik nyang kebonan. Ramban godhong tela karo sembukan.
Sesuk kari tuku klapa. Bothok sembukan pancen enak tenan. Apamaneh dibaturi kulup godhong kates lan godhong tela, njur lawuhe peyek isi kacang. Sega anget sinambi nyawang udan. Hmm, pancen enak tenan.

Nganjuk, 13 November 2022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar