Jangan Lompong (H51)
Jangan lompong pancen ngangeni. Merga ora saben uwong bisa masak jangan ngene iki. Lompong kuwi jenise tales, tanduran kang biasane urip ing lemah kang teles. Araneidae keladi, menawa nganggo basa Indonesia.
Tales, utawa keladi ora mung ditandur kanggo pethetan utawa tanaman hias. Nanging akeh jenise sing kena dimasak.
Emak biyen yen masak utawa ngolah lompong ora mung gagange wae, ning umbine sing diarani enthik uga diolah.
Carane ngresiki kudu ngati-ati merga dhadhake yen kena kulit rasane gatel. Uga nalika ngolah, kudu ngerti tenan mateng orane.
Nalika ing Surabaya, aku biyen kenal tangga kos, jare asale ya saka ndeso sing sak wilayah kabupaten karo desaku. Dheweke uga seneng masak lompong. Malah uga janganan liyane khas desaku.
Ning ana tangga liyane kang ngelokke, jare janganan kok di karag. Karag kuwi sejatine sega sing dipepe nganti garing. Ning ing desa sakiwa tengenku, ora mung karag sing dipepe. Jenise janganan liyane uga dikarag. Kaya ta, godhong tela kaspe lan lompong.
Saiki iki, malah janganan lompong iki sengaja digaringake njur dibungkus apik. Lompong garing, ngono seratane. Bungkuse plastik, kaya yen mbungkus thiwul utawa gathot instan ngana kae.
Dene yen arep ngolah, lompong garing mau cukup direndem banyu sedhela wae njur di tus. Lagi dibumboni kaya biasane. Lompong garing bisa diolah dadi bothok, jangan lodeh, iso uga dioseng-oseng bumbu sambel goreng. Apamaneh yen dicampur teri, wuih rasane jian nyamleng tenan.
Rencana isuk iki mau sak jane aku arep ngolah lompong garing, ning ora sido. Lha isih jam pitu wes ngelih, dadi ya mampir wae tuku sega pecel tumpang.
Biyen olahan lompong garing iki sering takgawa sangu sekolah. Mbontot sega lawuh oseng lompong. Ning saiki ora tau mbontot. Lha wong neng sekolahan mung sedhilut. Dadi yo cukup sarapan kopi njur sarapan sega nalika wis mulih ngadhepke dhuhur.
Cukup semene dhisik yo dulur. Nggedhabrus crita sithik wae. Arep nutugake laku, mumpung dina minggu.
H51
Nganjuk, 20 Februari 2022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
mantap masakannya enak
Uenak tenan lehku mbayangno maem jangan lompong.
sayur lompong maknyus... sip