Omah Kontrakan
Omah kontrakan
Dening :Nury
Iki omah sewan
Omah kontrakan
Lawange setangkep karo uripku lan uripmu kang lagi kembang
Ing omah kontrakan anak lanangku dak gadang
Omah iki mung sewan
Cagakke ngarep iman
cagak tengah ilmu lan pirukunan
Wuwunge rasa kudu nriman
Latare amba kanggo dolanan
Omah kontrakan
Ing kene tak lakoni urip adoh saka sanak kadang
Ing kene aku ngrasa panandang
Lir kadia dom semelap ing papan
Dicoba katresnan lan pengabdian
Aku sakdermo wayang
Melu titahe dalang
Ditandur kanggo ngudi ngilmu paring piwulang
Ngudi sandang uga pangan
Omah tembok pinggire sumur kauripan.
Wetane ana dalan marang pategalan
Ngarepe akeh kembang werno putih lan abang
Nambahi endahing kahanan
(Pasekan, 2021)
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar