Witing Tresno Jalaran Soko kulino
Witing Trisno Jalaran Soko Kulino
#Tantangan Menulis ke-92#
MediaGuru
Koyo biasae, ben sore Aisyah wajib
nyetorke bacaan lagu Qira'ah nang pondok Az- Zahra. Aisyah belajar qira'ah nang pondok Az - Zahra suwene 7 tahun. Wektu seng gak sedhelo gawe belajar Qira ' ah nang pondok Az-zahra. Aisyah santri seng paling tuwo nang pondok Az - Zahra.
Aisyah umure 25 tahun. Aisyah sosok wanita seng sholihah, arek e penampilane anggun , lan pendiam. Umur 25 tahun sakjane wes wayahe duweni bojo, nanging Aisyah durung nikah lantaran durung duweni pacar.
**********
" Aisyah, awakmu kok gak nikah - nikah kena apa?", Pitakone Ustadz e.
" Aisyah dereng kepingin nikah Ustadz! ", Jawabe Aisyah karo mesam - mesem.
Aisyah iku santri seng paling ditresnani karo Ustadze. Paling sering diajak ziarah - ziarah nang wali karo ustadz Ahmad.
Ustadz Ahmad wes duwe keluarga lan duwe anak 1. Umur pak Ahmad 55 tahun.
Saben ono acara lomba Qira ' ah mesti Aisyah ndampingi Ustadz Ahmad.Mari acara lomba nang Kabupaten, Aisyah ditakoni maneh karo Ustadz Ahmad, " Aisyah, kena apa awakmu gak ndang nikah, umurmu wes selawe tahun lo yo?".
"Lak gak ndang nikah , ayo nikah karo aku wae yo, soale aku mulai tresno mbek awakmu wes suwe".
Lah koyo pucuk dicinta ulam tiba, Aisyah yo tresno banget marang Ustadz Ahmad.
Dino iku kedadeyan Aisyah karo ustadz Ahmad ngrencanakne nikah bulan Syawal.
******"***
Pas isuk - isuk Ustadz Ahmad pamit karo bojone, " Buk , aku tak nikah karo Aisyah yo, nyuwun ridlomu Buk ".
Koyo disamber petir Siti Fatimah bojone sah Ustadz Ahmad krungu pamitane Ustadz Ahmad.
"Makane kok raket banget Aisyah karo Ustadz Ahmad ", pikir e Siti fatimah.
Gak suwi Siti fatimah njawab, " kulo mboten purun di madu, luwih becik jenengan tinggal kulo mawon kangmas ".Koro nangis sesenggukan Siti Fatimah.
Ahmad kaget lan bingung kudu milih ngendi.
Tapi Ahmad wes kadung tresno banget karo Aisyah . Akhire Ahmad mutusno milih Aisyah, seng usiane luweh nom selisih telungpuluh tahunan. Akhire Amad lan Aisyah nikah , saiki wes urip wong loro.
Ancene trisno jalaran soko kulino.
Sugeng maos.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Yuuuuuh.....
Hehe....suwun bunda
Iku jenenge tua2 keladi Bun, wkwkwkwkwkwk
Itu kisah nyata...
mantul critone bun, boso jowone wong Jember asyik
Hihihi...kadar yo bun
Semoga bunda Fatimah mdpt ganti yg lbh baik dari ustad Ahmad. Aamiin.
Inggih bunda Nur..aamin
Keren sanget inggih Bu ceritone Aisyah tapi mesakke Bu Siti lho. Salam literasi
Cinta tumbuh dari kebiasaan bertemu.Akhirnya jatuh ke hati
Kasihan siti fatimah.......tresnone ustadz wes lunturMantap bun ceritanya, salam sukses
Inggih bunda..ini kisah nyata