Mustainah

Lahir di Blitar, 12 Juni 1970, riwayat pendidikan MI MiftahunNajah Tegalrejo Wling Blitari, MTsN Jabung Talun Blitar, PGAN Kediri, IAIN Sunan Ampel Malang, Pasc...

Selengkapnya
Navigasi Web
Menyang Hotel

Menyang Hotel

Tagur16

Menyang Hotel

Oleh Mustainah

Dino Minggu iki Kabeh kepolo madrasah ibtidaiyah utowo MI ana sangang kecamatan diklumpukne dadi siji ana ing hotel Surya Kediri. Panggon hotele ono ing jalan Dhoho, dadi ana ing tengah e kutho Kediri. Ananging aku durung pati genah, mamulo Olehe budal mau zo semayanan Ono ing ngarepe rumah sakit Aura Syifa sing gawene tak ge janjian karo Bu. Susi, yoiku siji sijine konco kepolo sing wadon sak kecamatan.

Undangan jam wolu isuk, aku karo konco konco jam wolu lagi budal teko Aura Syifa. Ora suwe aku wis tekan Hotel, kiro kiro telung puluh menitan punjul sak ithik. zo rodok bingung ruang ngendi sing digawe kumpulan. Njur takon satpam. Sak wuse diwenehi weruh njur njunjuk wae. Ing panggonan trimo tamu njur dikongkon nunjukno katepe. Kabeh konco wis podo siap katepe mergo sakdurunge wis diwenehi weruh karo pak ketua KKM kecamatan Kayen kidul.mari tanda tangan banjur diwenehi korek. Lah aku zo nyobak tembung njaluk kompor wae mosok kok wong wadon diwenehi korek, digawe nyumet opo, nek wong kakung gawe nyumet rokok.aku malah diguyone mengko ora iso gowo. Aku zo mesam mesem wae.

Ono njero aku nyawang nyawang lungguhan sing kosong jejer loro ben iso jejer karo bolone wadon, boloku sak kecamatan sing lanang lungguh ono ngarepku. Alhamdulillah nemokno nang rodok mburi, Yo wis lah rapopo. Kiro kiro jam songo acara lagi diawiti. Sakwuse dibuka MC langsung nyanyi lagu Indonesia raya. Terus sambutan saking ketua FKM, cekaan soko Forum Komunikasi Madrasah sing nduweni misi " madrasah suwasta berprestasi dan mandiri". Kumpulan konco konco sing nduweni semangat duwur majokno madrasah.

Para pemateri podo wis ahli, dadi olehe nyampekno gamblang banget tur nyenengno, sampek wektu sore ora kroso ngantuk tur zo ora kroso kesel. Nyantai tapi isine padet piye kiprahe poro kepolo olehe nyandang amanat ningkatno mutu madrasah. Dijelasno kabeh kanti nglaksanakno wae. Mugo mugo ilmu sing diolehi dino ikimau manfaat lan barokah, cukup iki disik Insya Allah diterusno sesuk.mugo mugo podo sehat kabeh ugo khasil sejone.

Jambu, 20 Maret 2022

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post