SANG RAJA
SANG RAJA | Dobosan, Dening : MS Nugroho
Wis suwé bangèt rasa sing ana nang crita kiyé bola-bali mampir nang pikiran, ningén urung tau tak kandakna sapa-sapa. Ora jalaran apa-apa, mung urung nèmu sing pas baé, ya wektuné, ya sing arep dijak crita. Lewih pasé ndéan nék diarani ngudarrasa, udu crita, apa maning diarani dongeng, ya banget ora pasé. Tapi wong kadaran nggo seneng-seneng ikih, tur ya ora marakna tuna wong liya, ya tetep tektulis sekarepku, sesenengku. Ning ya nuwun sewu, pangapurane sing gede, upamane nang kene ana sing kurang mranani ati merga tulisanku kiye, ya ? Kesuwun sedurunge.
Kawit jaman esih bocah gemiyen, kira-kira umur telulasan munggah, kaya umume bocah, kepenginan duwe tumpakan kaya bocah gede molaih thukul. Ngger jaman esde kepengine duwe pit sing jenenge pit be em ik (BMX), sing bisa nggo jemping utawa stending, bareng wis munggah esempe kepenginane ora mung pit sing dionthel, tapi pit sing digas bisa njengat. Pit montor sing suarane sangar, sing nek digas ndadak, istilaeh dibléyèr, pedes nang kuping, malah sering ngasi tembus tekan dada. "Wrong wrong, roongg....Wréng wréng rééng..!!!" Kaya kuwe. Ngger knalpote digawe beda, dimodifikasi dadi lèwih cèmèthér ya bisa.
Kiye mung crita kèpénginan, pèrkara nyatané ora kèturutan ya maklum, wong ekonomi jaman sèmana urung kaya siki. Pit sing jenenge Ér ik King kuwé sing duwé ya mung putra-putrane wong sugih, wong gablèg cara kasarané. Wong tuwaku ya urung kuat nukokna dolanan nggo anaké sing règané meh pada karo setugèl gubugé. Upama kuata ya mèsthiné ora mentingna, akéh butuh sing lewih pènting, khususé nggo pendidikan. Wong sedulurku pirang-pirang, umure unda usuk, alhamdulillah, sekolah kabeh.
Sing kèpéngin tèkcritakna kedadeyan sing mandan sèring pas lagi nang ndalan sesuwene mlaku mangkat utawa bali ngodhé, alias nyambut gawé. Wong sawahku mandan lumayan adoh, dadi mlakuné ya mandan suwé, antara 30 nganti 40 menitan. Wektu sèmono suwéné kuwé lumayan nggo mikir karo mlaku, mikir apa baé pokoké. Ana baé pemandangan utawa kedadéan sing kena nggo bahan crita.
Nah, wingi soré, dina Setu malem Minggu, ndilalah pas lagi mlaku bali kaya biasane, disalip Sang Raja, "mak wreee..ngg...ether etherr etherr...", suarane cethar membahana nek cara gaule. Mandan kaget juga wong dalane rame, antri nang tanjakan, arep nyalip trek gede-gede urung bisa, mesthine ya wong malem Minggu, lumrahe akeh sing pada sèlèk kepengin gutul tujuane.
Barèng antriane wis sèla, bisa nyalip trèk gèdé tur dawa, tek gas poll kaya biasane men cepet tèkan. Srengengé wis kalah karo dayane méga, lampu-lampu wiwit pada pating gebyar. Urung nganti limang menit, motor sing sok diarani jet darat, sing mau nyalip, keton nang ngarep kana, suarane ora kaya mau, iramane lewih alon tapi dawa, "reééngggg...".
Kira-kira limang atusan meter tektutna nang mburine, karo tek sawang-sawang, apik prejengane, akeh tempelan variasi karo aksesori sing katone larang. Nang tikungan, deweke mandan alon, tek salip. Dasare seneng banter ngasi kadang-kadang menggoke miring kaya Valentino Rossi, tikungan letter S kaya kuwe eman-eman nek ora dilahap. Ora nganggo nuwun sewu, apa bae sing nang ngarepku kepeksane tekbokongi. Wus wus wus ... serrrr... (angel olehe nyritakna sensasi nikung zigzag) hehe...
Temenan, kaya mau lagi nang dalan lurus, bagindo rajo nan kèmpréng knalpotnyo ngerti-ngerti mblayer, "ngreng reng rengg !!!". Sajake ora trima tek tikung nganggo gaya Rosi mau. "Ya memper lah, ingatase raja, masa ditikung Meo, metik legendaris sing kulinane nggo blanja nang warunge tangga", kaya kuwe batinku.
Klimbungan, 202206121727
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Kereeen cerpennya, Pak. Salam literasi
Alhamdulillah, t3rima kasih Pak Dede, wa'alaikassalam literasi.
Alhamdulillah, t3rima kasih Pak Dede, wa'alaikassalam literasi.
Wis maca Pak. Seneng aku bisa maca seratan Banyumasan
Kesuwun kersa maos, Bu. Tapi nek maose nyuwara biasane dadi lucu ehehe...
Senajan seneng nyalip, ya sing ngati2. Eman awak karo eman anak ya. Hehehe....
Ya iya lah, wis ngumur, koh, masa arep pethenthengan bae, ora ilok... hehe...kesuwuuun
Waduhhh ..jane uapik banget mas gr. Ning sayange aku sing maca dg cara mengeja...he he sukses sllu mas gr
Sipp... maos ya kudu dieja to ? Hehe... matur nuwun Bu Siska, sukses juga selalu...
Mantap banget cerpene Mas..... Salam sehat selalu
Ah, crita enteng kok Pak. Salam kembali, sehat selalu Pak
Asyik critane, Pak. Dadi ngerti basa Jawa kang beda. Lanjutt.... Salam literasi.
Alhamdulillah, tambah manfaat, matur nuwun Bu Cicik. Salam kembali literasi
Aku lumayan ngerti basa banyumasan. Keren lah critane.
Priyayi Jogja, mesthine akeh ketemu mahasiswa perantau saka Banyumas Raya. Nggih ta, Bu ?
Nggih..akeh konvoi saka Banjarnegara
Nah..temenan. hehe