Wudele di Cucuk Manuk Gagak Ususe Madul-madul
Nek Wong Tua ngandani anak sing ati - ati
Sing bisa milih ucapan sing bener karo sing salah
Aja salah kaprah
Ndakan sing dadi anak nganti keweden
Kaya aku dadi wedi tekan Tua nganti ora bisa turu
Agi aku cilik antarane umur 3 - 4 Tahunan, nek turu ora olih melumah
Biyungku ngandani kaya kiye " Nek turu aja melumah, engko wudele di cucuk manuk Gagak ususe madul- madul"
Lah .......... tekan seprene , aku ora bisa turu melumah, keweden dadi aku nek turu kemureb, wedi wudele di cucuk
manuk gagak
Janen nek wong Tua ku nggone ngomong nganggo omongan Sunnah Nabi, aku ora nduwe penyakit keweden tekan
seprene
Kudune wong Tuaku ngomonge kaya kiye" Nek Turu aja melumah, sunaeh Miring tengen madep kiblat, siraeh neng
sebelah Lor sikile neng sebelah kidul, nek mati dadi melu Nabi Muhammad S A W.
Allohumma solli `ala Sayyidina Muhammad.
Jan tekan Tua Ra Bisa Turu Melumah.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Hehehe...sampun kadung Pak , tugas kita memperbaiki nasihat yang tepat ke anak cucu kita....sugeng enjang
kangge pelajaran njih Bu Mar..
Aku pun jadi wedi turu melumah. Wedi wudule dicucuk manuk gagak ususe madul madul, hiiiii. Apik'e turu melu sunnah, nek mati dadi melu kanjeng nabi. Tapi, koq wes turu lali mboh madep ndi wae. Ojo diguyon, iki wong Medan seng ngomong. Nek salah, yo dimaklumi. Barakallah, pak guru.
Hua..haaa.....awas....ada orang Medan ...mlayu wedi mbok dibalang sepatu....
Hihihi.....ojo mlayuuuu. Owalaa...kita koq asyik dewe iki. Sing nduwe omah mboh nangdi.
Hihihi.....ojo mlayuuuu. Owalaa...kita koq asyik dewe iki. Sing nduwe omah mboh nangdi.
yo sami mbuh madep ngendi, sing di catet awale mbak yu
yo sami mbuh madep ngendi, sing di catet awale mbak yu
awas ana manuk gagak mabure mbengi-mbengi,opo maning cah wedok rak keno turu melumah
Miring wae lah...
pinter...hehehe.
ngartos kitu, basa jawa neng, teu bingung?