"Bodo ... apa Pinter?"
Akhire nyong bisa marung nang kene, ayem banget. Kang ... aku njaluk kopine biasa ya, kopi karo gulane sing pas, aja kaya wingilah, kelegen, nang weteng ora kepenak.
Pancen nek dipikir-pikir, apa bae sing kelewihen rasane ora kepenak.
Gedang gorenge ndi kiye kang... ujarku wingi pelayanane wis maen banget, apa-apa wis cemepak, deneng siki mbalek maning kaya maune. Ora siip lah, rika lhe dodol esih "labil".
Kang Barjo... kang Barjo, mangan utang be, kakean penjalukan. Rika diwei kopi bae kudune wis matur nuwun, ora malah nggoleti sing ora ana.
Pancen sih iya, mangan nang kene nek durung kelebon gedang gorenge kang Dirjo rasane "ampang", kaya ana sing ilang. Kiye gedang gorenge ora ana temenan kang? ... aja kaya kuwe kanglah, nyong mangkat kang ngumah mau, wis tek angen-angen, mengko ngopi karo gedang goreng sing esih anget, mak ... nyuss.
Kiye yu Ndremis lagi nang ndi?... dengaren ayah wene durung tekan kene. oh ... lha kae sih. Dawa umure pancen yu...yu, tembe tak rasani durung keton nang warung.
Pangapuranelah, nyong arep cerita, tapi tak pesen wedang sit, ... kang ... aku gawekna wedang asem ya. Men mandan gathuk karo atiku siki.
Rika kepriwe kabare??? ... pada waras mbok??? Jane nek kepengin waras kuwe gampang, ... mangan nang warunge kang Dirjo dijamin langsung pada waras. Iya mbok kang??? ... rika-rika sing pada betah mangan nang kene, jalaran nek wis ngumpul ketemu kanca batir, ndongeng ngalor ngidul, pikirane dadi waras. Utange nang ndi-ndi ya esih bisa cengangak-cengingik.
Lho... kae bocah tekan kene, tek undange ... swiwiwit ... swiwiwiwit!
Rika terlalu pancen, ... ngundang bocah, kaya ngundang manuk bae.
Kye kang ... kae bocah bodo banget, mengko rika ngerti dewek, nek kae bocah bodo. ... ngeneh-ngeneh ... njagong kene.
Gyeh... nyong nyekel duwit, tangan tengen 50 ewu, nang tangan kiwe 10 ewu, wis siki kowe milih, mengko dueite nggo kowe. Bacah mau njukut duwit 10 ewu sing nang tangan kiwe, bar kuwe terus lunga maning.
Jaaaan jan, bocah zaman now ko esih ana sing bodo mayan kaya kuwe. Donge mau njukute sing 50 ewu, lewih akeh. Sing nang warung pada gemuyu.
Kang Dirjo sing nyekseni bocah mau penasarane metu, bocah mau dipedeki karo ditakoni. Gyeh ... nang ngapa kowe mau njukut duwite sing 10 ewu???...
Tak jawab, tapi aja dicritakna sapa-sapa ya.
Siap, percaya bae karo aku. Kaya kiye pak ... aku ngerti nek duwit 50 ewu lewih akeh ketimbang 10 ewu. Nyong milih sing 10 ewu. Soale nek aku milih sing gedhe ... bar kuwe wis ora ana sing mbedeki aku kon milih duwit sing gede kari sing cilik maning. Nek aku milih sing sethithik, ngesuk nek ketemu wong kuwe, mesti deweke mbedeki aku, karo ngomong nang kanca-kancane nek aku bocah bodo.
Nyong saben ketemu Yu Ndremis, mesti deweke nebaki aku kaya kuwe.
Jal nek dipikir maning, sing pinter sapa??? Bocah mau lunga karo joget-joget.
Kang dirjo karo mesam-mesem, mung gedeg-gedeg thok, ... bocah pinter-bocah pinter. Nyong ora bakal crira karo sapa-sapa, tenang bae.
Karo mbatin "kids zaman now pancen pinter-pinter. Esih cilik gole mikir wis "bertingkat" kaya kuwe, kae bocah nek dadi pemimpin, mesti beres. Pikirane dawa. Ora cupet.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
hemmm, nikmat ya maca basa ngapak...
He he...bodo apa pinter...jebul ngarep
Kid jaman now...selalu renyah, dan mudah dipahami, untuk percakapan boleh tidak pakai petik kah?
Siap bu. Pas nulis kondisi 5 watt. Matur nuwun.
Kuwe tah efek gedang goreng warunge kang dirjo. Wareg wetenge, bombong pikire. Pungkasane waras lan cerdas.
bener banget kuwe. jaman siki nggolet sing waras tur cerdas wis mandan angel kiye. kabeh-kabeh sing digoleti pada cerdase sit. matur nuwun wis mampir.
Genah kaya kuwe bocah siki pikirane wis pada mremet ...