Giatno Festisia Gantoro

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

LINTANG SORE

Lintang Sore

Dening : Gie

Lintange sore iki mencorong ing langit wetan

tak sawang karo mesem

sajake lintange ya mesem

nanging

apa sebabe malah atiku dadi gonjang-ganjing

naliko natap lintang sore

aku wis rada mengulon

nanging kok ya ing wetan kana

lintang sore tansah mesem

eseme nggodha atiku

eseme agawe blingsatan tindak lan tandukku

Lintang sore

dudu widodari

dudu putri ayu siwi ratu

nanging ngatokake

yen lintang sore nduweni

wibawaning putri ayu

Purnaning gegurit

lintang sore

dak enteni nganti mletheking surya ing kulon kene

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

sae sanget Pak...

10 Sep
Balas

Nopo enggih pak.... He he he... Terimakasih... Mau dilengkapii 40 geguritan... Jadi buku.

10 Sep

Kanggo Sliramu SRIANI Dak ajari sliramu nganggit geguritan sawangen rembulan kang mlethek ana wetan kana banjur.... tulisen apa kang dadi penggalihmu kang bisa rineka kaya mencoronging rembulan mau aja lali sajroning sliramu nganggit tetepa mesem sebab esemu mertandhani yen atimu nyawiji karo geguritanmu. Gie, 18 September 2017

18 Sep
Balas

Siip pak gie... Aku diajari pak..

10 Sep
Balas



search

New Post