Ahad Berkat
Ahad Berkat
Dina Minggu utawa Ahad iki aku sakaluwarga ora lunga menyang luwar kota kaya adate. Nanging tetep wisata yaiku wisata kuliner. Lhahhh...padha wae ya? π Oh, ora padha utawa beda. Lha, bedane neng ngendi?
Yen biasane wisata kuliner menyang luwar kota, saiki wisatane ana ngomah. Bubar ngrampungake gaweyan resik-resik, aku sakaluwarga banjur blanja menyang panggonan sing biasane dak nggo blanja. Dudu pasar, mung warung janganan nanging pepakeeee...wis kaya pasar. Ora adoh saka ngomah, lenggananku wiwit dekmben, uga mabtan wali murid ing sekolahanku.
Kajaba kuwi, aku lan kaluwarga isih mlebu ing wulan Pra Paskah, sing kudu ngurang-ngurangi pemetu utawa pengeluaran keluarga. Nanging menawa dina Minggu pancen ora pasa. Nanging wiwit tanggal 5 Maret nganti 18 April disuda dina Minggu tetep jangkep 40 dina anggone pasa, malah luwih.
Yen biasane aku pasa ora mangan saka esuk nganti sore, nanging wancine ngombe obat aku ya tetep ngombe. Pancen aturane pasa ing agama sing dak rasuk kaya mengkono. Sanajan beda karo aturan ing agama liya nanging sejatine pasa iku maknane padha. Tujuwane kanthi sarana pasa, awake dhewe kudu pedhuli marang liyan sing isih sekeng, kekurangan ing sandhang pangan. Kudu luwih ditambah rasa sukure marang Gusti kang tansah paring rejeki arupa pangan, sandhang, papan, lan liya-liyane.
Dina iki aku masak jangan loncom utawa sayur bening bayem lan ceme. Lawuhe bandeng Juwana dak masak coan-coan, nggoreng tempe, nyambel trasi. Anakku wedok kembar sing siji gawe resoles makaroni, sing siji umbah-umbah lan resik-resik. Putu ditunggu mbah kakunge karo bapake dolanan sinambi nonton tipi.
Bareng wis rampung, kabeh padha mangan lan ngicipi resoles. Pawon wis resik, banjur aku genti mangan lan ngumbahi kaos sikil, hem putih, klambi bathik, sing ora dikumbah nganggo mesin cuci.
Wisata kuliner prasaja kaya mengkono iku wis bisa ndadekake ati bungah. Rasa seneng lan lega. Ora suwe aku banjur ngeloni putuku wedok. Putu lanang digendhong bapake, kareben enggal turu awan, digoncengake pit montor. Mbah kakunge kerja bakti ana greja amarga mengko sore bakal ana tamu kang rawuh ibadah bareng lan kunjungan ing greja.
Ahad berkat pancen gawe jiwa lan raga tambah kuat. πͺπͺ
Terjemahan:
Minggu Berkat
Hari Minggu ini tak tak pergi ke luar kota seperti biasanya. Tapi tetap saja wisata kuliner. Lhooo...sama saja, dong?! Tidak, dong. πLalu apa bedanya?
Kalau biasanya ke luar kota, kali ini wisatanya di rumah saja. Setelah bersih-bersih dan membuat teh ginastel sejenak, kami sekeluarga berbelanja. Tidak ke pasar tapi hanya ke warung yang jualannya lengkap sekali seperti di pasar. Relatif dekat dari rumah, langganan sejak dulu, dan bahkan dia dulu adalah wali murid di sekolah saya.
Selain itu kami masih masuk dalam masa puasa Pra Paskah. Dimana kami harus mengurangi pengeluaran dan uang hasil mengurangi pengeluaran harian tersebut dimasukkan ke kotak APP yang akan disumbangkan pada yang membutuhkan. Hari Minggu kami memang tidak puasa. Namun bila dihitung sejak 5 Maret sampai 20 April nanti tetap masih berjumlah 40 hari.
Hari-hari biasanya saya puasa sejak pagi sampai sore, tapi saat minum obat saya tetap melakukannya. Memang begitu lah dogma atau ajaran agama kami. Sesungguhnya puasa bagi siapa pun maknanya sama. Kita diminta merasakan dan peduli pada yang belum mendapat berkat seperti kita. Baik pangan, sandang, maupun papan. Rasa syukur harus ditingkatkan karenarejeki yang kita terima berupa pangan, sandang, papan, dan lain-lainnya selalu melimpah untuk kita semua.
Hari ini saya masak sayur bening bayem, lauk tempe goreng dan bandeng saya masak coan-coan. Anak kembar saya yang satu membuat risol makaroni, satunya cuci baju dan bersih-bersih. Kedua cucu ditemani ayah dan opanya bermain sambil nonton televisi.
Selesai semua pekerjaan, wisata kuliner keluarga dimulai. Mencicip risol makaroni dan makan dengan sayur bayem bersama-sama. Saya lanjutkan mencuci kaos kaki, hem putih, dan baju batik yang tidak dicuci dengan mesin cuci.
Wisata kuliner sederhana pun bisa membuat hati bahagia. Rasa bahagia dan puas karena penuh syukur. Saya tidurkan cucu perempuan dan cucu laki-laki digendong ayahnya untuk dibonceng sepeda motor supaya lebih cepat tidurnya. Opanya segera ke gereja kembali untuk kerja bakti. Sore ini kami menerima kunjungan dari jemaat gereja lain.
Minggu yang penuh berkat ini memang membuat jiwa raga bertambah kuat. Salam sehat dan bahagia selalu. πͺπͺ
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Saya orang Minang yang berusaha setiap baca tulisan Jawa Ibu, selalu baca aslinya dulu, dan saya paham. Kalaupun ada dua tiga kata yg ga ngerti tapi yang penting tulisan menyeluruhnya saya ngerti. Eh, coan-coan opo to Bu?
Seepp, Bunda. Coan2 itu ikan dimasak kecap pakai cabe, bumbunya daun jeruk, daun sereh, jahe, salam, lengkuas
Kalo ngomong makanan hmmm jadi ngeces oma
Hahaaa...sama, Nin.
Keren. Kalau ke Cilegon nanti ada pecak bandeng, Oma. Asal kuat sambalnya. Maaf gak bisa dikirim khawatir basi.
Waduhhh...sy ga berani pedas2, Ambu
Jian seep saestu, Bu. Sugeng mapag Tri Hari suci. Mugi wilujeng. Berkah Dalem.
Aminn...Berkah Dalem Gusti
Wisata kuliner tidak harus keluar rumah. Di rumah yang penting kebersamaan dengan keluarga sudah bahagia rasanya. salam sehat dan bahagia selalu Oma.
Btl, Bunda. Ternyata bahagia itu sederhana, ya?