DOLANAN BOCAH
DOLANAN BOCAH
Angger kelingan wektu cilikanku, jan kaya ora ilang - ilang olehe ngeling - eling. Wis kebiasaan, saben bali sekolah sanajan urung pada maem, pada samperan mangkat repek. Dong lagi repek kadang karo ngarah dukuh, apa rambutan utawane nemu grecol, ya d pangan bareng bareng. Apamaning angger ana barat, lagi menek golet pangpung go suluh, terus ana barat. Sier sier pada kesenengen meneke sengsaya duwur wite pating pentiur kegawa angin. Ora kelalen kelingan nalika dolanan wengi dong padang wulan. Bali ngaji, gawa obor rame rame akeh kancane. Tekan ngumah obore dipos ben mati terus disog dinggo ngesuk maning. Sewise sinau, banjur pada metu samperan, ngajak dolanan. Jonjang umpet kuwe kaya wajibe.
Wis pirang dina kiye, nyong ngajak bocah - bocah kon pada nyanyi lagu dolanan. Nglatih nyanyi lagu jawa, pancen madan angel , merga bocah - bocah siki neng ngumah pada nganggone Bahasa Indonesia. Aku be nganti gumun. Bocah jawa, apamaning Purbalingga koh nggane ora ngerti basa jawa. Sanajan ora kabeh nganggo basa Indonesia, ana sing nganggo jawa, tapi jawane ya jawa ngoko. Tapi ora papa, nek esih neng TK mengko karo mlaku tek waraih olehe nganggo basa jawa sing alus. Sanajan neng sekolahan nganggone basa Indonesia, tapi nyong ya sering ntlesep ntlesepna basa Jawa, lewih lewih nek ana bocah sing sok ngomong saru lan sembrana, kudu cepet cepet di lurusna, ben ora dilakoni maning. Ben bocah nduweni karakter bagus wit cilik . Nek bocah wit cilik seneng nganggo basa jawa, berarti nguri uri basane dhewek. Lewih lewih nek bocah wit cilik sekang umah wis diwaraih basa neng wong tuwane ngangho ngoko alus/ kromo, bocaeh pancen duwe tata krama , anggah ungguh lan ora sembrana.
Balik maning maring dolanan. Wis ana 4 lagu sing bocah bocah apal,diantarane lagu jaranan, bedhilan, jamuran lan cublak cublak suweng. Lagu terakhir ya kuwe padhang wulan. Alon - alon bocah - bocah tek jak nyanyi padhang wulan. Sewise apal, nyong nyritakna pengalaman dong lagi cilik.
Bocah bocah pada gumun, terus pada takon, uga ana sing bisa njelasna. Ana sing masang ya bu, terus mengko angger ora nana wonge di piglongi ya bu? Fahri mudheng , dadi tek dadekna ketua regu dolanan. Seregu bocah 6, sing bregas bregas. Mergane lagu dolanan butuh pirang pirang ketrampilan . Nyong njelasna carane dolanane bermain sambil bernyanyi. .
Nyong banjur ngajak bocah bocah kon pada omong omongan nganggo basa jawa ngapak, seolah olah lagi dolanan wektu padang wulan. Bocah- bocah pada seneng pisan. Merga seneng dadi nyong olehe nglatih kepenak. Bocah bocah mudheng antara nyanyi karo maksude lagu. Ora keri bocah bocah kon muji syukur marang Gusti kang wis nyipta wulan, lintang , lan alam semesta kiye..
Persiapan siaran , 3 Februari 2018
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
grecol,niku arane woh-wohan nepo Bu ?
wah maer Bu, Nyong durung tau nulis basa Jawa nang gurusiana
Jd ngersake buku dolananku dolananmu boten Bu?
Sae Bu Eti...seratanipun ugi surasanipun...
salak pentil bu, hehe.