
Pangapura Kang
Esuk esuk raine Yu Kruntel keton mbesengut. Ora kaya biasane nek esuk grigap langsung rawat latar. ning dina kie Yu Kruntel ndeprok njagong neng lawang, sendean kusen sing wis bonto. " Rika ngapa esuk-esuk wis galau yu ?" takone Yu Cungkred bingung ndeleng tanggane sing biasane semlagrak tapi dina kie katon lesu. " Ora papa Yu Cungred, mung agi kepengin merenung". Delengna kancane merana kaya kue Yu Cungkred mereki Yu Kruntel, njagong neng pinggire.
" Jajal sapa sing ora mededeg yu, nek rika tek critani mesti melu nek atine!". Yu Kruntel molaiah ngomong, ngetokna unek-unek neng atine. " Kepriwe si ? " Yu Cungkred nanggapi. " Bojone iyong, Kang Buang, wis sewulan ra tau kirim, bareng kirim malahan ngirim e kertas kaya kie Yu. ". Kertase diulungna maring Yu Cungkred kon diwaca. Neng kertas mau tulisane kaya kie, kanggo yayang Kruntel sing paling tek tresnani. Pangapura sing gede banget, wulan kie Iyong urung bisa kirim, mergane urung dibayar neng pak bos. Ning Yayang Kruntel kudu ngerti nek Inyong kie sayang bangat karo yayang. Kie tek kirimi 100 ciuman nggo yayang Kruntel. Salam sayang yayangmu Akang Buang.
Rampung maca surat mau Yu Cungkred langsung gemuyu cekikikan karo nyekeli weteng. " Lho rika malah gemuyu deneng." Yu Kruntel katon gumun ndeleng polaeh tanggane kue. " Aku gumun, jebule Kang Buang wonge romantis bangat ya". "Rokok mangan gratis lha iya". Semaure Yu Kruntel karo mbesengut.
" Kaya kie bae Yu. Sekie rika njikot kertas!". Prentaeh Yu Cungred. "Nggo ngapa si ?" Yu Kruntel bingung. "Wis gagehan nganah, aja kesuen!". Yu Kruntel manut, mlebu njikot kertas trus metu maning. "Sekie tulis apa sing tek omongna ya!". Yu Kruntel mantuk-mantuk tandane setuju. " Kanggo Akang Buang sing paling tak tresnani. Ora papa nek wulan kie Yayang Buang ra bisa kirim duit. Tapi Aku bungah Yayang wis kirim 100 ciuman. Kue wis cukup. Sing 20 ciuman kena nggo Kang Jobrah mbayar angkutan bocah sekolah sewulan. Sing 20 ciuman kena nggo juragan dirjo njaluk beras. Sing 20 ciuman kena nggo mang Tohar bakul sayuran. Sing 20 Ciuman kena nggo kaki gembruk bakul suluh. Malah esih lewih 20 ciuman. tek benaih kena nggo wulan ngarep mbok Yayang Buang urung bisa kirim." Yu Kruntel ya manut bae nulis kaya apa sing de prentah neng Yu Cubgred.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Yayang Eni kiye 3 ciuman kang Bu Guru yaa... khusus nggo murid ayu sing pinter
He... Ciuaman bales kagem bu guru ingkang klo tresnani
He he...kapok
Iya ya yu anita, tuman...
Gak ngerti bahasa Jawa