ESEME ESUK (TTG 365-H-358)
Cemlorote cahya bagaskara ngliwati jurang-jurang munggah gunung nundhung madyaning wengi
Aku nglilir mbuang rasa kuwatir kang terus mlipir ing pucuking pikir
Gegayuhan dawa kagawa pedhut nabet ati tansaya ciut
Sunare esuk miyaki godhong-godhong waru kang dhoyong
Embun sing gumantung amung pasrah dicecep lambe srengenge
Cahya esuk tindak marani gumebyare langit kang marak
Mripat tan kumedhap mirsani bantala kang sarwa endah padhang gilap
Eluh neng pipi ben tak usapi duhkitaning ati ben tak tambani
Rasa kapang kabuang pengarep ya di rep-rep
Manggih pinarak eseme esuk kang netepi takdir
#Depok, 24 Desember 2022
#EDH
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Maturnuwun pak Sugiharto, mugi rahayu dumateng panjenengan ugu
Puisi yang keren
Terimakasih bu Rismala
Mugya eseme esuk ambeta kanugrahan kangge kita sedaya. Amiinn
Maturnuwun oma, mugya dados panglipur manah panjenengan
Edi peni guritipun, Bu Endang. Eseme esuk pratanda yen Gusti paring kanugrahan. Mugi wilujeng, Bu.
Injih bu, maturnuwun, sekathahing lampah kedah dipun lelipur manah, mugi wilujeng ingkang kapanggih
Geguritan kang edi peni...mugi bunda EDH tansah rahayu widada nir ing sambikala