Silaturahmi
Silaturahmi
Dening: Eko Budiyono
Urip bebrayan kuwi kudu tansah sesinambungan. Kapara ana ing salah sawijining hadis, "Sapa wonge kang pingin dijembarake rezekine lan diparingi umur kang dawa, mangka sinambungana tali silaturahmi (HR. Bukhari – Muslim)." Ngaca saka hadis kasebut, mangka awak dhewe kudu ngakeh-akehke nyambung silaturahmi karo sapa wae. Ora usah pilih-pilih kanca lan sedulur yen pancen wus niat silaturahmi. Awit, silaturahmi iku wigati sanget tumrape wong muslim. Kajaba iku, silaturahmi ora mung migunani ana ing dunya, ananging kanggo kaapikan ana ing akhirat uga.
Kaya dina Ahad iki (25/9), aku sakeluwarga niat silaturahmi lan sambang sedulur ana ing Demak. Gandheng wektune rada longgar, mangka aku bisa silaturahmi ana ing pirang-pirang panggonan. Dak wiwiti saka Wonosalam, aku mampir ana ing daleme kanca kang wus kaya sedulur dewe, yaiku Kang Mas Kohal Fuad. Dhewekne mbiyen kanca sekolahku ana ing SMA Negeri 1 Wirosari.
Paseduluran iki pedhot sauntara sawuse lulus sekolah. Nanging, bisa kasambung maneh kawiwitan nalika ketemu ana ing Bandara Ahmad Yani Semarang. Udakara ing pungkasane wulan November 2019 aku arep budhal Jelajah Literasi ing Singapura. Kebeneran dhewekne ya arep budhal ana ing Kuwait. Kepara wektu iku dhewekne blas ora ngenal aku. Awit, perawakan lan dhedhegku wis beda, ora kaya mbiyen nalika isih sekolah SMA. Dhewekne tak cedhaki lan jagongan sauntara.
Tali silaturahmi banjur kasambung lumantar gadget. Gandheng Indonesia katerak pandemi Covid-19, kancaku ora bisa mulih ing Indonesia. Dhewekne lagi bisa mulih rikala pandhemi wis dinyataake rada mendha. Alhamdulillah, iki mau aku lan kancaku Kang Mas Kohal Fuad bisa pethuk lan gegojegan bareng keluarga ana ing daleme Wonosalam Demak kana.
Ora mung pethukan karo kancaku. Nanging, iki mau aku uga tuwi sedulur kang nembe babaran lan tuwi simbah kang nandang gerah. Gandheng wus tekan Demak, ora lali aku sakaluwarga uga mampir ana ing omahe adikku kang omah-omah ing Karang Tengah. Ora let suwe aku pamitan banjur ziarah ana ing pesareane Kanjeng Sunan Kalijaga kang mapan ing Kadilangu. Kanjeng sunan iki salah sawijining wali Allah SWT kang misuwur lan cedhak banget karo para muslim ing wewengkon Jawa.
Semene dhisik sedulur, apa kang bisa dak tulis ing dina iki. Muga-muga awak dhewe bisa methik apa kang dadi niate ati, yaiku silaturahmi, tetilik wong gerah, lan ziarah. Mugi Gusti Allah SWT paring berkah lan barokah. Aamiin. (eb)
Kadilangu, 25 September 2022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar