Eko Budiyono

Menulis adalah ketenangan hati. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Siaga Takbiran

Siaga Takbiran

Siaga Takbiran

Dening Eko Budiyono

Bada Idul Fitri 1443 Hijriyah udakara kurang seminggu maneh. Para warga kang ana sakiwa tengene masjid lan musala wis pada siaga gawe piranti takbiran. Macem-macem piranti lan dolanan kang digawe. Ana kang nggawe kewan-kewanan uga ana kang nggawe dolanan liyane. Saben musala padha nggawe kreasi dhewe-dhewe.

Kaya wengi iki para warga jamaah musala An Nuroniyyah siap siaga gawe dolanan kanggo takbir keliling. Dene dolanan kang digawe yaiku, replika musala lan bintang kang cacahe ana puluhan. Kajaba kuwi, para nom-noman uga gawe ogoh-ogoh.

Maklum yen para warga padha semangat. Awit wis ana rong taun ora ana takbir keliling amarga pandemi. Dadine, takbir taun iki di pol-polke anggone arep ngetoke kreasi.

Muga-muga, apa kang dadi kekarepane warga muslim kanggo nyambut Idul Fitri taun iki bisa kabul. Aamiin. (eb)

Singopranan, 24 April 2022

Tagur, 365#128

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Saya membaca karya SIAGA TAKBIRAN...ada rasa yang menyelinap. Keren Pak.

25 Apr
Balas



search

New Post