ABDUL AZIS, S.Pd

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
AYO NGGURIT, NGGURIT SEGAMPANG AMBEGAN (KUMPULAN GEGURITAN KARYANING MAS BHRE)
@GEGURITANJAWA @SINAUPANGURIPAN @INDAHNYABUDAYAJAWA

AYO NGGURIT, NGGURIT SEGAMPANG AMBEGAN (KUMPULAN GEGURITAN KARYANING MAS BHRE)

KADHUNG TATU

Dening Mas Bhre

Lara dipilara jroning dhadha

Nganti lali rasane lara

Amarga ati dipiara tanpa dosa

Tanpa kinira jebul sulaya

Nalika ati wis kadhung tatu

Aja takon rasaning rasa

Ora bisa kagambar maneh

Sepira gedhe abote kuciwa

Tan ana kang bisa nambani

Tatu tetep dadi tinatu

Senajan wus mari....

Tetep ninggal lara

Laraning ati tumekeng pati

Ora gampang nambani rasa

Kang wus kadhung tatu

Jalma tan kena kinira

Ilat tanpa balung

Nganti gampang natoni rasa

Tanpa eling nalika semana

Banjur saiki digawe lara

Raga rasa iki.........

Kadhung tatu

Maret 2020

PIWELINGKU

Dening Mas Bhre

Ngger anakku.................

Dadio manungso kang digdaya

Kang migunani marang sapadha

Dadio dhiri kang wicaksono

Aja pisan-pisan lau culika

Ngger anakku.................

Uripmu kudu luwih urup

Tangan sikilmu kudu sregep kemlawe

Akalmu kudu luwih gedhe tinimbang okolmu

Amarga jamanmu bakal beda

Karo jamanne bapa uga ibumu biyen

Jamanmu luwih maneka warna

Ngangsua kawruh kang pinunjul

Supaya bisa dadi manungsa unggul

Ngger anakku.....................

Aja lali ngaji agama

Kanggo cekelan uripmu

Supaya ora kebrasuk dalan nistha

Tansah eling lan waspadha

Eling sangkan paraning raga rasa

Maret 2020

BEBENDHU

Dening Mas Bhre

Akeh manungsa padha lali

Nglali marang opo sing dumadi

Kuwajiban lan pakaryan

Akeh manungsa kang padha lena

Mring endahing mayapada

Tanpa mbudidaya dhawuhing Gusti

Alam dirusak, diobong, digundhuli

Reregedan morat marit sak enggon-enggon

Sawah kebon dadi pomahan

Gumuk dikedhuk dipapras mbridhil

Nalika alam wus nggugat

Manungsa gur trima sambat

Nang apa lan piya piye

Nalika bebendhu wus kawitan

Gunung njebluk, longsor uga banjir bandhang

Sanalika wae lagi padha kelingan

Akeh bebendhu lan prahara

Amarga tumindake manungsa kang lena

Gawe rusaking mayapada

Mula ayo tancut taliwanda

Nglestarekake bumi tentreming jiwa raga

Maret 2020

MANGSA UDAN

Dening Mas bhre

Mangsa udan wis kawiwitan

Langite mendhung gerimis tumurun

Gemericik banyu lumeber ing grojogan

Anelesi garinging buni lan wit-witan

Agawe anyes sakabehing alam

Mangsa udan mangsa kang diantu-antu

Sakabehing alam donya suka cita

Tanduran uga wit-witan katon roro-royo

Sendhang lan tuk ora kasatan

Ayo kanca tansah njaga karesikan

Mangsa udan wis mapak ing ngarepan

Aja nganti udan dadi prahara

Amarga manungsa lena ing swasana

Ayo Kanca tansah eling lan waspadha

Alas kebon kudu tansah dijaga

Kali lepen aja dadi pawohan

Kareben banjir malaria ora wani mampir

Sanitasi uga irigasi kudu lestari

Mangsa udan tansah dadi klangenan

Maret 2020

PRAHARA MAYAPADA

Dening Mas Bhre

Udan deres angine mobat-mabit

Akeh wit-witan kang padha rubuh

Langite peteng ireng tanpa srengenge

Bledheng lan gludhuk sinautan

Gumuk erengan padha rogol

Lumpur watu morat-marit

Sak dawane dalan....................

Kaline kebak banyu warna buthek

Kretek kidul kampung lurung wis ora katon

Klelep ilang katutup banyu

Udan iki pancen nggegirisi

Gawe sumelang para warga

Udan deres, saya deres..........................

Langite sansaya ireng

Tan ana cahya

Udan deres banjir lumpu lan longsor

Dadi pepeling marang kita

Alam iki sansaya tuwa

Lestarining bumi wajib kita jaga

Aja nganti tumindak sia-sia

Pebruari 2020

GUMREGAH

Dening Mas Bhre

Jago kluruk saut sautan

Mertandha’ake fajar bakal sumunar

Sayup-sayup swara adzan subuh

Rumungu saka langgar kidul lurung

Adheming banyu kang mili

Ora ngilangi gumregahing warga

Kang arep tumandang gawe

Manembah manah mring Gusti

Miwiti dina kanthi resiking ati

Srengenge esuk jumedhul ing cakrawala

Madhangi petenge jagad iki

Swara manuk oceh-ocehan

Nambahi gumregahing rasa

Miwiti dina kanthi suka-suka

Pebruari 2020

PASAR PAGI

Dening Mas Bhre

Adzan subuh lagi bae meneng

Jamaah mesjid durung rampung

Anggone nyedhak, njaluk mring Gusti

Jangkrik lan kodhok isih pengen nembang

Swasana beda ing pasar pagi

Jejel riyel para pedhagang

Maneka warna kabutuhan digelar

Jajan pasar nganti bumbu pawon

Kemriyek swarane wong nyang-nyangan

Pasar pagi wis kondhang kuncoro

Kawit jaman Londo tekan jaman merdhika

Ora ngerti sapa kang miwiti

Mula bukane pasar pagi

Pasar pagi wujud kabhinekan

Sugih kere Cina Jawa

Tanpa dibeda’ake............

Tumplek blek sa’eka praya

Golek kabutuhaning kulawarga

Pasar pagi bisa dadi ikon

Tlatah Limpung kuncara empinge

Kabudayan lokal kang kudu dijaga

Batang berkembang guyup rukun

Ayem tentreming pra warga

Wujud karukunan marang sapadha

Pebruari 2020

KACA BENGGALA

Dening Mas Bhre

Cilik sanalika dadi gedhe

Samar katon tambah cetha

Kabeh tanpa tedheng aling-aling

Kanthi jelas, lugas lan tatas

Kaca benggalaning panguripan

Nata lumaku ing alam donya

Tan kudu eling lan waspadha

Ora luput sangkan paraning dumadi

Kaca benggalan wateking dhiri

Ora ana adigang adigung adiguna

Pepeling marang umuking laku

Senyatane kabeh padha drajadte

Ing titah Sang Maha Digdaya

Kaca benggalaning rasa

Kudu bisa nglerem rumangsa

Andhap asor uga handarbeni

Sejatining dhiri kang unggul kawruhe

Ngugemi pakarti tumekeng pati

Januari 2020

UDAN WAYAH ESUK

Dening : Mas Bhre

Angin sumilir tipis tipis

Mbarengi tetesing banyu udan

Nelesi jagad raya iki

Kembang kembang siniraman

Gawe adem swasana esuk

Jago jago kluruk saut sinautan

Swara jangkrik uga manuk

Ora perduli tumetesing udan

Panguripan kudu terus sinambung

Udan wayah esuk...................

Mertanda’ake berkah kang lumeber

Ayo kanca pada gumregah

Tumandang gawe kanthi bungah

Ngawiti dina klawan ati sumringah

Gusti bakal maringi kaberkahan

Marang sapa kang nduweni tekad

Uga niat paguripan

Udane wis purna.................

Langite padhang songsong bagaskara

Desember 2019

KEMBANG SETAMAN

Dening : Mas Bhre

Arum endah mawarni warni

Agawe bungah mripat kang nyawang

Katon asri edi lan peni

Ana mawar

Melati uga sri rejeki

Kantil kenanga kamboja tapak dara

Ngermbuyung subur ing taman

Ana abang ungu jambon lan kuning

Tawon kupu uga liya liyane

Tansah kepencut endah warnane

Saben dina ora lali tak sirami

Pupuk kandhang uga pupuk organik

Aja nganti lalisinebar sumawur

Kembang setaman sansaya ngerembaka

Seger lan subur sinawang adem

Aja nganti dirusak dicidra

Kudu dijaga supaya lestari

Kembang setaman pralambang dhiri

Sing sapa sregep bakal pinuji

Kembang setaman lambang asuburan

Suburing jiwa raga dening kaberkahan

Desember 2019

LINTANG KACIDRAN

Dening : Mas Bhre

Aku kang nduweni rasa tresna

Nanging kowe malah sulaya

Aku kang ngobor krenteking ati

Malah kowe cidra janji

Sepira gedhene rasa tresna iki

Jebul kaya kodhok nggayuh candra

Muspra........................

Lintang kacidran.......

Bisa bisane kowe tega

Agawe lara rasa mirasa

Remuk rempu rasaning ati

Jebul tresnaku ora tinampi

Ajur mumur sekabehing rasa

Nggayuh tresna ora piwales

Ninggali lara ing jero dhadha

Sambat ati sambat sia sia

Lintang wengi wus kacidran

Nata ati nata rasa................

Senajan lara kudu kuwawa

Tresna iki ginawa mati

Marang sapa kang bakal yekti

Januari 2020

GUMREGAH GUMREGUTING MAYAPADA

Dening : Mas Bhre

Lintang lintang pajar sumunar

Langite biru anteng resik

Tanpa mendhung tanpa pedhut

Semribit angin kang sumilir

Adem ragane adem atine

Jangkrik gareng uga kodhok

Jago bebek menda lan sapi

Manuk emprit prenjak kinocehan

Sinautan songsong esuk akng tumeka

Hambarengi gumregahing pra warga

Ngawiti dina kanthi prasetya

Tumandang gawe hiya makarya

Langite saya padhang..................

Cemlorot cahyaning sang bagaskara

Nyirna’akepetenging mayapada

Ngikis sekabehaning bahya rubeda

Titahing Gusti tansah linaksana

Mawi tekad gumregahing raga

Kiprahing warga kautaman praja

April 2020

NISKALA

Dening : Mas Bhre

Ora rinupa ora mawarna

Nanging gawe seseking dhadha

Nyiksa ati nyiksa rasa

Tan bisa kagambar kalinukisake

Ngebak ngebaki alaming pikir

Mbeda netra mbeda kalbu

Lir kadya campuh agung

Nanging tanpa linidura

Nungkulake digdayaning sinatriya

Dhuh sang pepujaning tyas

Aywa kabacutna.......................

Agawe crahingpangudarasaku

Kang bisaa winarna

Dening sewu ukara

Hamung sambat ngaluwara

Niskalaning rasa....................

September 2019

ANYEP

Dening : Mas Bhre

Aja takonrasaning atiku

Aja takon laraning rasaku

O a bakal bisa kagambarake

Ora entek yen dicritakake

Cukup aku wae sing ngrasakke

Cukup aku wae sing nglakoni

Tak trima garising uripku

Tak lakonane kanthi kuat ati

Kowe ora salah....................

Kowe ora luput.................

Ora ono kang salah

Nanging aku ora bisa mbenerake

Senyatane pancen kudu kaya ngene

Pesthining uripmu uripku

September 2019

KIDHUNG LARA

Dening : Mas Bhre

Tiwas tak gondelana

Kowe lunga.................

Tiwas tak tangisana

Kowe tega......................

Rasane we ora bisa dirasa

Nyatane wes ora bisa dinyana

Muga dadi paraning lila

Lungamu ninggal lara

Senyatane kowe dhusta

Marang ati kang wus setya

Senyatane mbok siya siya

Lungaa..................

Muga dadi paraning lila

Tak lilakke lungamu

Gawanen sekabehaning lara iki

Maret 2018

MUSPRA

Dening : Mas Bhre

Kanggo kowe sing tak tresnani

Tresnaku marang sliramu

Ora kurang anggonku ngupadi

Tak gadhang gadhang rina lan wengi

Tak impi impi saben bengi

Jebul kaya nguyahi segara

Muspra...............................

Kowe tega nglara ati iki

Menengku malah mbok siyak siyakake

Sabarku malah mbok slewahke

Rasaku mbok anggep dolanan

Tresnaku muspra tanpa tinampa

Wirang ati wirang dhiri

Rasaku muspra tanpa winales

Tega tegane awakmu ngelara

Mupusake sekabehing rasa

Maret 2018

NINGGALI ATI

Dening : Mas bhre

Biyen kowe pamit lunga

Isih kelingan kabeh lelaku

Kowe lunga ninggal aku

Kang lagi sayang sayange

Karo sliramu...........................

Lara, atiku lara........................

Kadung jeru aku tresna

Aku tresna kowe tresna

Nanging kudu piye maneh

Kowe lunga merga makarya

Tak lakoni kanthi kuat ati

Rung taun wes kelakon

Keprungu wartamu kowe bali

Bungah atiku bombong rasaku

Mbaleni tresnamu lan tresnaku

Jebul lungamu biyen

Ninggali ati marang aku

Maret 2018

GELANG TRESNA

Dening : Mas Bhre

Gelang iki tandha tresnamu

Marang aku uga tresnaku

Tetep tak simpen tak jaga

Kaya rasaku marang sliramu

Gelang iki tandha setyamu

Marang aku aku sing ning atimu

Senajan ora sepira ajine

Nanging dadi tandha tresna

Setya tuhu kanggo atiku

Kudu tak jaga tak rawati

Kaya atiku marang sliramu

Ora bakal ilang selawase

Kaya liring gelang iki

April 2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sae geguritanipun salam karaharjan barakallahu fiika

20 Mar
Balas

, pangestunipun bu, namung gladhen taksih amatiran , sugeng silaturahmi

22 Mar



search

New Post