Navigasi Web

Bale Si Gala-Gala

Bola-bali Kurawa nggawe cara utawa ngreka supaya Pandhawa bisa mati. Nanging Pandhawa tansah pinaringan slamet saka Pangeran awit saka sakabehing paekane sedulur-sedulur nakndulure kuwi mau.Rumangsa kentekan cara anggone arep nyirnakake Pandhawa lan Ibune, ing sawijining dina Duryudana sowan marang ramane yaiku Prabu Drestarasta. Ature Duryudana, “Dhuh Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhen kula inggih sesembahan kula sakadang ing Ngarcapada. Pawartos ingkang kula rungu, kawula ing Astina badhe marak sowan wonten ngarsanipun Kanjeng Rama, monjuk atur prekawis wisudhanipun Adhimas Yudhistira jumeneng nata ing Astina, nggentosi kalenggahanipun Paman Prabu Pandhudewanata, jer samangke pun adhi kadang Pandhawa sampun ngancik diwasa. Menawi pawartos menika nyata, lajeng kados pundi kawontenan kula sakadang mangke. Boten sanes, kula lan kadang Kurawa sedaya badhe dados reh-rehanipun kadang Pandhawa. Pramila awit saking menika, menawi kepareng kadang Pandhawa badhe kula sirnakaken kemawon.”Krungu ature putrane mau (Duryudana), Prabu Drestarastra sakkal njegreg kaya tugu, sapandurat ora bisa paring pangandika. Sawise sareh sawetara Prabu Drestarstra lagi bisa paring wangsulan. Prabu Drestarastra ora sarujuk panyuwunane Duryudana sasedulur, awit panyuwunan kuwu nalisir saka watak utama lan nyimpang saka darmaning satriyatama.Duryudana sasedulur ora manut pituture ramane, Prabu Drestarastra. Kanthi sesidheman Duryudana utusan salah sawijining abdi kang banget dipercaya, kadhawuhan nggawe bale pasanggarahan ana ing dhusun Waranawata, dhusun kang asri kang mapan ana ing sangisoring gunung, cedhak alas. Bale mau digawe saka pring petung kang ing sajerone diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale sigala-gala, tegese bale kang isine gala.Sawise bale kuwi dadi, kanthi ulat manis Duryudana dhawuh marang Yudhistira sedulure, kautus ameng-ameng ana ing padhesan saperlu golek undhaking kawruh minangka sangu kanggo jumeneng ratu ana ing Astinapura. Amrih bisa mangerteni watak wantune kawula cilik ing padhusunan Pandhawa sakadang lan Ibune kadhawuhan masanggrah ana ing bale pasanggrahan, ing sawetara wektu.Pandhawa ora nduwe rasa cubriya marang pangandikane sedulur tuwane. Bareng wis siap sakabehe, lan nyuwun pamit uwa Prabu Drestarastra, marang paman Arya Yamawidura, lan Eyang Resi Bisma, Pandhawa sakadang lan Ibu Dewi Kunthi budhal lelana brata. Kanggo samudana, Suyudana utusan abdine kang aran Purocana, kautus ndherekake lungane Pandhawa sakadang, uga kadhawuhan ngladeni dhahare.Ing sawijining dina, nalika Pandhawa sakadang lagi ngaso ana ing bale pasanggrahan, ana utusan saka paman Arya Yamawidura kang sowan, arane Kanana. Ature Kanana manawa kadang Pandhawa kudu ngati-ati, awit mbesuk ing malem tanggal 14 wulan iki Purocana kautus Duryudana ngobong bale pasangganggrahan. Kuwi ditindakake nalikane Pandhawa sakadang lan Ibune nedheng-nedhenge sare. Nanging Pandhawa dijaluk ora susah was sumelang lan kuwatir, awit Kanana bakal nggawekake trowongan sinandhi minangka dalane Pandhawa sakadang ucul saka pasanggrahan kuwi.Ing dina kang wis ditemtokake, Pandhawa ngajak kembul dhahar bebarengan karo Purocana. Nalika samana Purocana ilang kaprayitnane. Anggone mangan keladuk akeh, kepara nganggo inum-inuman ndem-ndeman. Purocana mendem tenan, banjur nglumpruk kaya raseksa mati. Ing wektu kuwi, Pandhawa banjur ngobong bale pasanggrahan. Nalika geni murub ngalad-alad, Bima minangka panenggaking Pandhawa, mbopong sedulur-sedulure lan ibune, kapondhong mlayu metu liwat trowongan sinandhi, wusana njedhul ana ing satengahing alas. Pandhawa slamet, luput saka bebeya awit paekane kangmase yaiku Duryudana.Kacarita ing negara Astina krungu pawarta ature kawula padhusunan bab bale pasanggrahan kang kobong ing wayah wengi. Prabu Drestarasta lan Resi Wara Bisma krungu pawarta mau penggalihe sungkawa, ora bisa ngampet nganti netesake eluh. Tumrape Arya Yama Widura mung gumujeng ing batin, awit dheweke mangerteni kabeh sejatine kedadeyan ing Waranawata. Dene Suyudana lan adhi-adhine padha bungah-bungah jejogedan awit rumangsa wis ilang klilipe.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post