Ahmad

Pegiat literasi di STAI YPBWI Surabaya, setiap tarikan napas adalah anugerah tak ternilai, tiap goresan pena adalah kurnia tak terhingga, siar segala bajik, ra...

Selengkapnya
Navigasi Web
Landmark Gajah Mungkur ngGresik
newsdetik.com

Landmark Gajah Mungkur ngGresik

Tantangan dina kaping 20

Paino gethem-gethem. NgGresik dadi viral. Tapi virale dudu kerana prestasi, tapi Virale merga ana pembangunan landmark ngGresik sing anyar. Sing dijenengi patung “gajah mungkur”. Lha mbangun lak ya apik cak? terus ceritane gajah mungkur iku mau keopo?

Sakjane cerita gajah mungkur iku wis lawas ana. Malah ya ana legendane. Nalika kanjeng Sunan Giri, salah sijine wali sanga penyebar agama Islam nduk tanah jawa sing makame nang ndukur gunung giri, pas momong puterane. Lha puterane sunan giri iki kok ya naangis ae. Dineng-neng gak isa. Akhire kanjeng sunan giri nuding watu gedhe. Giri pancen nggone watu, lha wong pancen gunung, “Iku lho nak sawangen ana gajah” dhawuhe sunan giri karo nuding watu. Ndilalah kersane Allah watu iku temenan rupa gajah. Sak kal puterane sing nangis mau gelem leren. Malah ngguyu.

Terus saiki nok endhi watu gajah mungkure? Nek sampeyan nang ngGiri saiki ya gak bakal ketemu. Watu sing wujud jemblegere gajah iku wis diancurno. Walah cak.., emane. Iki ya jarene ceritane mbah-mbah biyen. Kerana watu sing wujud gajah iku dikuwatirna nggarahi wong syirik. Mandi-mandino. Hasile rembugan watu iku kudu diancurno. Mangkane saiki ya ganok capete.

Mbalik nang cerita viral iku mahu lho. Cak Paino gawok. PT Petrokimia Gresik ngeke’i CSR. Saben pabrik gedhe lak yo duwe kuwajiban ngetokno sebagian dhuwike kanggo kepentingan umum. Salah sijine CSR e Petro iki digawe kerjasama karo Pemkab ngGresik kanggo mbangun landmark ngGresik sing anyar. Landmark iku panganan apa cak? Apa kaya gimbal tempe, tah dadar jagung ngono? Basane kelincipen. Hehe. Landmark iku tetenger. Sing nek ana wang nyawang, dheke eling nek iki khase ngGresik.

Sakdurunge iki PT Petrokimia yo wis mbangun gapura "naga kembar". Guwedhe. Sebelahe waduk mbunder. Nek sampeyan metu teka lawang toll kebomas, nang arah lamongan sampeyan bakal ketemu gapura iki sak durunge terminal mbunder. Ana maneh landmark "lontar". Landmark "keris" CSRe PT Wilmar. Kabeh wong seneng. Bangga. ngGresik dadi tambah apik.

Lha sing diomongno wong akeh iki yo landmark sing anyar. Dike’i jeneng “gajah mungkur”. Bentuke iku lho luucu banget. Kayak gajah-gajahan nang pilem kartun. Sing dadi bahasan uwong iku enteke biaya kanggo mbangun. Yaiku sak milyar. Biyuh cak, sak milyar iku sak pira? Aku iki nyekel dhuwik satusan ewu sepuluh lembar ae gemeter rasane. Lha iku dhuwik sak milyar nek diurupno rong ewuan kayak nek apene riyoyoan ngono iko terus dijejer dadi pirang meter?

Mbuh cak, gak melok mikir. Cik dipikirno wong gedhe-gedhe kono. Wong cilik kayak aku iki ya gak gaduk. Pokok isuk iso sarapan lontong lodehe wak Supri ae ya wis lega. Gak repot-repot. Oalah gajah,,,gajah.

ngGresik, tanggal nembelas wulan loro tahun rong ewu rong puluh

https://news.detik.com/foto-news/d-4893510/begini-wujud-patung-gajah-mungkur-yang-telan-dana-rp-1-m/2

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sebelah pundi Niki, Pak? Besok kalau mau ke Surabaya coba tak intipnya. Saya ikut kelas editor. Pak Ahmad ikut nggak?

16 Feb
Balas

Wonten perlimaan petrokimia, bu. Kalau dari jalan propinsi nggak kelihatan. Harus turun perempatan kebomas, naik becak, sambil beli soto ayam bisa ketemu si gajah. Hehe. Iya bu, kita ketemu di kelas editor di Surabaya

17 Feb



search

New Post